Senin, 12 Mei 2014

13. Mripate pitik abang mencorong

MRIPATE PITIK ABANG MENCORONG
Dening Paulus Herry Kiswanto

     Crita iki dialami dening Anggun Endri Wibowo salah sijining karyawan kang ana ing PAwiyatan luhur ing Kecamatan Donomulyo kabupaten Malang.
     Dina iki Ujian Nasional Matematika ngepasi dina Selasa, tanggal 6 Mei 2014. Anggun wis saka sekolahan jam 05.00 WIB, kaya padhatane apa wae kang arep ditindakake. Mlebu menyang ruwang TU njupuki kunci kang wis disimpen ana ing panggonane sakawit.
     Banjur nyandak sapu, nyapu ing teras sekolahan. Ora let suwe, Anggun mbukaki jedhing siswo kang gandheng dadi siji, papat kanggo bocah wadon, lan papat maneh kanggo bocah lanang. Lawang jedhing wadon dibukak, banjur diresiki kaya padhatane ngono, bubar mangkono si Anggun mbukak jedhing lanang. Bareng mbukak jedhing lanang, lho kok ana pithik ing njero jedhing iki, saka ngendhi mlebune?
     Bareng pithik weruh lawang dibukak, mlayu njranthal menyang kamar jedhing sisih lor. Anggun marani arep dicekel, lumayan bisa diingu ing omah. Bareng arep dicedhaki, dumadakan pithike mbalik klepat, karo ndheleng Anggun.
     Saiba kagete Anggun, lemes sanalika, ora kuwat ngadek maneh bareng werung mripate pithik iku katon abang mencorong nguwasi Anggun tanpa kedhep, kaya-kaya kudu muring-muring marang Anggun.
     Bubar mangkono pithik kuwi jrantal mlayu mlebu kamar jedhing sisih lor. Anggun manek-manekake marani pithik kuwi mlebu kamar jedhing sisih lor. Lho kok pithik iki mau ora ana ing njero kamar jedhing lor iki.
     Ngoploh awake Anggun, lemes, banjur mlaku menyang kantor TU ngombe banyu putih ing guci kono.
     Seger rasane. Oalah wis pirang-pirang tahun ing kene kok ya isih diganggu gawe tho.
    Chutel.
    

Selasa, 25 Februari 2014

KEMLIWERE WEWANGI NDULEG IRUNG

KEMLIWERE WEWANGI NDULEG IRUNG

dening Paulus Herry Kiswanto

    Dina iki TV kabel ing sekolahku wis dipasang, mbayare Rong atus ewu repes, amarga ana rong pangenan, dening saben wulane mbayar telungpuluh ewu repes. Marem atiku, bisa gawe bungahe kanca-kanca, senajan aku ora melu nonton yen wayahe ana bal-balan ngono, ora merga ora seneng bal-balan. Nanging omahku kepara adoh saka sekolahan, mung 40 kilometeran wae.
     Bengi iku pak Edho ngetik ana ing ruwang tata usaha, nglebokake data menyang Dapodik, ini panganan kang lagi ngetren ing tahun 2013 lan 2014, mung ing Indonesia wae.
     Pak Edho wis uthek-uthek lap tope meh rong jam-an, nanging tetep wae ora iso..... tetep ora keno..... judheg atine..... pegel mripate..... 
Dumadakan mak breng mambu gandha kang wangi banget..... wangiiiiii..... kaya-kaya minyak srimpi..... nduleg irung..... wangi banget..... 
Pak Edho ngoleki ing ngisor meja..... ing ruwangan sebelah..... ora ana?????
Heeee..... kowe neng endhi????? Ngetoka..... aku ora wedhi kok .....
Tetep ora ana sapa-sapa.
Ora ana siji-sijia manungsa liya..... kajaba awake dhewe.
Krasa pegel atine..... mbalik menyang lap top-e....
Jebul kenek lho..... bisa mlebu lan terkirim menyang DAPODIK. 
Matur nuwun GUSTI.
Iki mau aku ana seng ngrewangi thoooooo.

Selasa, 22 Oktober 2013

Pawone Gemplah

PAWONE GEMPLAH
Alaming Lelembut
Dening: Paulus Herry Kiswanto

     Para tukang pasang tegel wis padha teko, kabehe ana 15 wong, saka Kedungsalam, Donomulyo dewe, Tlogosari, Uga ana Saka Tambakrejo. Kayadene peralatan uga wis digawa kabeh. Pak Priyono kang kadaphuk dadi Pimpro (Pimpinan Proyek) ngumpulake para tukang mau, diajak rembugan bab endi wae kang kudhu dirampungke saben kelompoke dhewe-dhewe. 
     Kayane dari patang kelompok, Tambakrejo kebagian kelas kulon dhewe, Kedungsalam kebagian ruang Aula, Tlogosari kebagian kelas wetan dhewe, dene kelompok Donomulyo nerusake kelas Bahasa Inggris lan kamar mandi.
     Bubar diwenehi wejangan kepriye mutune kang kudhu diayahi, mula klompok-klompok mau banjur padha nata pegaweyan kang dikarepake.
     Pancene tandhange padha sengkud-sengkud, dasar wong ndeso, apik tenan garapane, kanggo ukurane Donomulyo kene. Wanci sore wis padha mungkasi olehe mergawe, padha bali menyang omahe dhewe-dhewe.
      Isuk-isuk para tukang, kuli lan bathihe wis padha tumandhang gawe ing pangonane dhewe-dhewe. Aku ndhelengi ruwangan-ruwangan kang wis digarap dening para tukang, dhak dheleng siji mbaka siji ruwangan saka wetan mangulon. 
     Bareng saka ruwangan sisih kulon dhewe, para tukang, kuli padha lungguh ndhodhog ing tegel keramik kang dhek wingi digarap. Lho.....  lha kok padha meneng wae iki kena apa?
     "Eneng apa kok padha meneng wae?", pitakonku marang tukang lan kuli kabeh.
    "Kula njembleng, dhek wingi sonten sampun leres lan imbang tegel keramik kang kula pasang, kok sakpunika mboten imbang?" mangkono parintihe salah sijining tukang.
    "Yo piye maneh, yen ora rata apik yo katon elek." 
    "Nggih kulo bongkaripun malih pak", mangkono panyanggupane tukang mau.
     Wayah awan aku pingin ngendhangi pegaweyane para tukang-tukang kang lagi sengkud tandhang gawe masang tegel utawa keramik ing ruwangan-ruwangan. Giliran saka ruwangan sisih kulon dhewe, para tukang wis rampung masang tegel kang nembe dibongkar isuk mau. Katon asile yo apik tenan, lurus, ketara dhak lurusake nganggo jidharan saka galvalum turahan. 
     Ayem athiku, rong dina engkas bakal rampung ruwangan iki, yen ndheleng mergawene para tukang katon sengkud banget.
     Iba kagete atiku, sesuke aku ndeleng ruwangan sing dhek wingi dipasang keramik, lha kok wis mundhuk maneh... njembleng atiku... goreh pikirku... apa kang dadi panyebabe. Aneh banget. 
     Saka ati  iki rinasa

    


Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

Senin, 18 Maret 2013

10. Dewi Sri Nagih Janji


DEWI SRI NAGIH JANJI
Alaming Lelembut
Dening PAULUS HERRY KISWANTO

     Nengah-nengahing pembangunan kang diangkahi dening sekolah, wektu kuwi para tukang kang arep masang galvalum wis pada teka. Mesti wae truk kang ngawa para tukang uga ngawa matriyal galvalum. Pak Gino, mangkono pemboronge yen ngundang kepala tukang iku. Wonge kayane ora akeh omonge, dhewekne mung inggah-inggih wae yen didawuhi dening pemboronge bab apa wae kang kudu ditindakake.
     Sarehne ndeleng ukurane ruang kang luwih akeh tinimbang cathetan kang dilaporake, mula barang kang digawa ya kudu ditambahi utawa disambung, murih bisa dipasang kanthi trep ngono. Aku mung ndeleng wae kanthi permana apa kang ditindhakake para tukang galvalum iku.
     Pak Erik, ngono sebutane pemborong kuwi, menehi keputusan,
     " Ngene No, saiki ngawea siji wae, coba dipotongake sakmeter kanggo nyambung, supaya cukup apik mengkone". Sajakne apa kang didawuhake pak Erik, para tukang padha ngerti kang dikarepake, padha mbagi tugas dhewe-dhewe, yaaaa amarga wis pakaryane, uga pakulinane megawe ing galvalum. Kabeh pada nyiapake ukuran-ukuran kang dikarepake.
     Ora rinasa wektu wis wayah sore, para tukang padha ngaso, ana kang adus, ana kang leyeh-leyeh sinambi rokokan, banjur padha mangan ing warungi bu Satumi.
     Bengi iku uga diwiwiti maneh alehe mergawe, angkahe ben cepet rampung pegaweyane. Terus-terus mergawe, ora akeh kang diomongake, pancene wis profesional ing pengaweyane, ya katon akeh kang digawe dina iku. Ora rinasa wektu nduduhake jam 01.00 WIB, parak isuk. Sarehne wis padha sayah, enggal wae mungkasi pagaweyane dina iki.
     Kabeh padha ngringkesi peralatane kang nembe digawe, diringkesi diseleh ana ruang komputer kang dadi papan panggonane sare.
     Pak Gino menthas ngringkesi piranthi mergawe, dhewekne menyang jedhing kang ora adoh saka panggonan sarene kuwi. Dumadakan dewekne kepapag dening pawongan kang ayu banget ing ngarepe.
     "Panjenengan sinten, kok dalu mekaten wonten mriki".
     "Omahku wetan kene wae, aku wis suwe mangon ing kene."
     "Nami panjenengan sinten".
     "Nami kula Dewi, mekaten tiyang-tiyang ndangu kula, jangkepipun Dewi Sri".
     "Wonten wigati punapa tindhak mriki".
     "Apa kang mbok tandhangi dina iki apik wae, nanging kang ati-ati olehmu mergawe, aja lali marang ujar kang wis dikarepake".
     "Kula mboten mangertos, wicanten panjenengan".
     "Bacutake wae marang bendaramu ing kene, mengko dhewekne nak ngerti apa kang dikarepake".
     Pak Gino noleh marang ruwang komputer, arep nyeluk kancane, nanging bareng noleh maneh marang Dewi Sri..... Kok ora katon maneh. Digoleki kiwa tengen, muter-muter pandelenge ya tetep ora ketemu.
     Pak Gino banjur menyang jedhing, ora ngrewes marang apa kang nembe wae kedaden kuwi, terus mapan sare ing ruwang komputer kono karo kanca-kancane kang katon wis nglempus.
    
     Parak isuk ora rinasa wis ngancik jam pitu. Katon saka sisih kulon, Pak Gino karo kanca-kancane kang nembe sarapan mlaku menyang kamare njupuki bekakas kang arep dienggo megawe. Kaya pegawe profesional ngono kae, ora akeh guneman, padha ibut dhewe-dhewe ngerjakake galvalum. Kaya-kaya pengaweyan iki wis padha nyawiji karo wong-wong kang megawe kuwi. Ana kang motong, ana kang ngrakit supaya dadi kuda-kuda. Saking sekene mergawe nganti wayah awan ora rinasa.
     Pak Gino miwiti masang reng sisih lor kulon gedhung sekolah kuwi. Embuh saka ngendi parane, kok noleh manengen ana bocah loro kang padha enjot-enjotan ing galvalum kuwi. Kamangka papan kuwi dhuwure udakara 6 meteran saka lemah.
     "Leee aja dienjot-enjot, mengko kowe rotoh lho!".
     "Yo ben." mangkono wangsulane bocah kuwi.
     "Lhoo aja le, mengko tiba, aku sing dipaidho wong tuwamu mengko!"
     "Ora apa-apa, wong penak kok ngene", karo ngomong mangkono tetep wae karo enjot-enjotan ing galvalum. Pinujune galvalum kang dipasang wis kuwat, dadine ora nganti ana kang owah.
     Dikandhani mangkono, kaya ora ana olehe, banjur dijarake ngono wae sak tingkah polahe bocah loro mau. Sing baku wis dielingake, ning ora gelem manut. Pak Gino mbacutake tandhang gawene ngandhengake galvalum.
     Ora rinasa olehe mergawe, pak Gino arep mudhun, bareng noleh mangulon, dhewekne ngoleki bocah loro mau kang padha enjot-enjotan. Kosong..... Ora ana sapa-sapa.... Sepi..... Banjur bocah loro mau mudhun lewat ngendhi. Padahal ora ana andha ing gisore pak Gino lan bocah loro mau. Pak Gino dhewe mudhune kudhu nyabrang udakara 20 meteran arah ngidul. Yen bocah loro mau mangidul, mestine pak Gino ya weruh. Nanging kapan bocah loro mau mudhun.
     "Jo, Bejo, kowe apa weruh bocah loro mau mudhun mrene?", pitakone pak Gino marang kancane aran Bejo.
     "Mboten wonten lare lho pak."
     "Lho mau ana bocah loro ing ndhuwur kono, karo enjot-enjotan."
     "Saestu pak Gino, wiwit kalawau mboten wonten bocah kang menek mriki."
     "Banjur sapa bocah kuwi mau?"
     Pak Gino kaya-kaya pitakon marang awake dhewe. Kepriye ora mangkono. Lha wong kancane kang karan Bejo kang mentas diajak rembugan yo ora ana ing sisihe. Banjur sapa kang diajak rembugan pak Gino mau.
    
     Kahanan kang kaya mangkono diomongake marang kepala sekolah ing kono.
     "Iyo pancene, wis dadi pangangen-angenku yen wis masang panuwun utawa kuda-kuda arep dianakake slametan, ben ora ana alangan apa-apa. Mengko wae kareben dirembug dening para ibu-ibu ing kene lan kapan slametane."
     Kocapa carita dianakake slametan panuwun marang Gusti Kang Murbeng Jagad iki, muga-muga pakaryan kanthiya wilujeng ora ana rubeda punapa-punapa. Ngih.

Candhake ing: "PAWONE GEMPLAH"

  
Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

9. Ketamon Wong Ireng Meles


KETAMON WONG IRENG MELES
 Alaming Lelembut
Dina kuwi Senin tanggal 8 Agustus 2011, dina kang kanggoku apik kangge miwiti makarya ing panggonan kang anyar. Aku kadapuk dari Inspektur Upacara. Tak dheleng bageyan Kesiswaan wis umyeg sepuluh menitan kanggo nyiapake para siswa supaya katon apik tarik-tarik kanthi rapi. Miwiti upacara disiarake kanthi sigrag banget. Rampung prosesine upacara, bageyan Kesiswaan menehi prentah marang para siswa supaya aweh salam kenal marang Kepala Sekolah kang Enggal.

Dina iki kelakon kanthi ati kang kebak pangarep-arep kanggo kemajuan sekolah iki. Ora bisa dinyono dening ing tlatah segara kidul wae isih ana semangat para pejuwang pendidikan kang nduweni semangat kaya pejuwang kemerdekaan tahun 1945. Para guru pancen rata-rata umure meh padha karo aku. Ning uga ana kang wis tuwa, senajan ngono ngormati banget marang aku.
 Ora akeh sing daktindakake, mung ngrungokake wadulan saka guru siji mbaka sijine.. Kabeh wadulan mau dak simpen ana ing catetan cilikku kang mengkone dak pindah ana buku kang daksiapake. Kuwi mau amarga pakulinanku kang wis asring daklakoni nalika ana ing sekolah sadurunge. Dadi apa kang dak rungokake saka bapa ibu guru lan karyawan mau kabeh wis ana ing catetanku kabeh.
Awan kang ora rinasa kok meh wae mungkasi angonku makarya. Ning emboh apa kang njalari aku kok ujug-ujug kepengin mlaku metu saka kantor kang nembe wae daklungguhi kuwi. Aku metu saka kantor lan tumuju gerbang kidul sekolah. Sepisan maneh, embuh daya apa kang ana ing atiku kok aku kepengin ngubengi sekolah. Kamangka dalan ing kiwa tengene sekolah kagolong rada angel, kuwi mau senajan nganggo sikil. Atiku kok kaya ana sing ndudut-ndudut ngono kae. Aku mubeng sekolah tanpa ana apa-apa kang dak pikir. Apa kang dumadi kuwi ya salumrahe ngono wae. Pas ana ing engokan aku mandeg karo noleh kiwa tengen, kaya-kaya ana sing tak goleki, nanging aku uga ora nemoni apa sing arep tak goleki. Atiku rumangsa ana kang ganjil ing kene. Ning aku ora patiyo ngreken marang omongan ing atiku.
Ora rinasa wis wancine mulih saka SMPK SALUD iki (Red. Ngono sebutanku kanggo SMP Katolik St. Albertus Donomulyo), nek sekolah sadurunge dhak jenengke SMPK SANCA (Red. SMP Katolik St. Antonius Sumberpucung Malang). Aku mulih saka SMPK SALUD jam 13.00 WIB, numpak sepedha lanang gedhe, jiiaaan penak tenan numpake senajan ana jeglonggan amba ya ora krasa, terus mlayu banter wae sepedhane, wong bane ya gedhe.
Saka ngomah wis krasa kesel banget, aku leyeh-leyeh ing kursi tamu. Eh lha kok jebule keturon tenan, ya matur nuwun Gusti, isih diparingi bisa turu kanthi penak. Coba dielingi kanca, yen ora isa turu, njur kepriye carane supaya isa sare, akeh ta carane. Malah kadhing-kadhing ora nemu cara kang ampuh. Njur mupus atine. Jarene Gusti ora mirengake lehne ndonga makaping-kaping.
Aku tangi ora watara suwe amarga ana tamu kang ngebel ing ngarep lawang omah. Yo kanthi isih ngantuk aku tangi saka turuku kuwi, jebule iki mau wis bengi ta. Amrih lampu ruang tamu diurupake, dadine aku ya apal banget. Iki mau mesthi sisihanku sing ngurupke lampu kabeh yen aku lagi turu ngono kuwi. Jan pancen sisihanku jan ngerti tenan marang ramane kang lagi sayah.
Bareng lawang tak bukak, aku kaget jan meh jomblak banget, kepriye ora njomblak. Tamu wong loro mau rupane ireng, tangane ya ireng, sikile saka ngisor katone yoooo ireng pisan. Kaget aku, ora mung kuwi, bareng dhak dheleng tamu sing sijine jebule yo padha ireng ngono kuwi, nanging dheweke luwih dhuwur tinimbang sijine. Atiku dag dig dug, dag dig dug, ora karuan, aku nyoba nguat-nguatake supaya ora ngeblag. Kanthi ati kang daktata aku wanek-wanekake aweh panyapa marang tamuku kuwi.
“Mangga pinarak.” Ngono pambageku marang wong loro mau.
Dheweke ya lungguh ana ing kursi kang cedhak karo lawang.
“Wonten kawigaten punapa kok rawuh wonten mriki”. Aku miwiti pitakon marang dheweke.
“Niki mekaten, kula punika saking tebih, saking gunung kidul mrika,  kula kala wau sampun kepanggih kaliyan panjenengan.” Wong sing rada cendhek menehi wangsulanku.
Lho... aku rada njomblak. Kamangka aku rumangsa durung nate ketemu. Dak iling-iling kok ya ora bisa gathuk karo sing diomongake tamuku iku mau. Aku ya nuli aweh pitakon marang dhewekne.
“Lha panjenengan kepanggih kula wonten pundi?” Pitakonku.
“Kala wau siang panjenengan pinarak dhatheng ngajeng griya kula, kula sawang wau panjenengan nak rokokan Djisamsu tho” mangkono wong kang luwih dhuwur kuwi mangsuli.
Eram temen wong iki, nganti aku rokokan wae ya dhewekne weruh. Kamangka aku durung nate ketemu.
“ Niki makaten”, panjlentrehne, “Kula mriki namung kepengin tepangan luwih gayeng kaliyan panjenengan, amargi kula sawang kala wau siyang panjenengan nembe kemawon pikantuk tugas wonten cedhak griya kula, Kula kaliyan rencang punika badhe tetepangan amargi kula sakanca inggih remen sanget saget tepang kaliyan panjenengan. Kula wastani panjenengan saget aweh pepadhang dumatheng wilayah sakiwa tengene tlatah wonten pangonan kula.”
Aku mikir, apa kang dikarepake wong loro iki, nanging aku meneng dhisik, dakrungokake dheweke guneman kuwi.
“Kaliyan malih,” anyambunge, “ Kula sakanca ugi badhe aweh pambiyantu kangge panjenengan ingkang sampun gawe binggahipun kanca-kanca. Sampun sungkan-sungkan, lirpamane panjenengan badhe ngersakaken sumangga kemawon dhateng kula. Cekap panjenengan kemutan dhumateng kula sakanca, punika sampun saget mangke kula sakanca aweh bantuan dumatheng panjenengan.” Mangkono dhewekne njlentrehake.
“ Kula matur nuwun sanget,” wangsulanku, ”Kula namung saged makaten kemawon, Ngapunten mboten saged nyuguhi punapa-punapa, amargi semah kula sampun sare kala wau.”
" Pangapunten, menawi kepareng panjenengan dipun wastani sinten?".
" Aku ini Ni Han lan kancaku iki Han Chu, mangkono ing pangonganku uwong-uwong pada ndangu aku mangkono, wangsulan wong loro kuwi.
"Sakestu, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang katah mbok bilih wonten ingkang prayogi".
“Mboten punapa-punapa, yen makaten, kula sakanca badhe kondur.” Wangsulane wong kang radha cilik.
Aku langsung mbagekake dhewekne saka lawang regol.
Isuk kuwi aku tanggi kaya biasane. Aku banjur nyritakake apa kang dakalami kuwi. Bojoku mung aweh piweling supaya aku ngati-ati ana pangonan kang anyar. Diadohna saka bilahi lan tansah diparingi kesehatan kang apik. Sisihanku uga weling ora perlu dicritakake marang wong liyan, mengko mundhak dadi rame lan tinemu pangraita kang macem-macem marang papan tugasku kang anyar.
 CUTHEL.

Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

8. Wayang Caturan


WAYANG CATURAN
Alaming Lelembut
     Dina iki kaya padatane aku ngayahi tugas ana ing sawijining pawiyatan. Kaya padatane aku ngayahi tugas sakbendinane saka Tata Usaha menyang Ruang Guru, banjur lungguh ana ing ruanganku dhewe. 
     Kagiyatan isuk iki lumaku kanthi lumrahe. Pak Edho mlebu menyang ruang Tata Usaha, banjur nyritakake menawa dhewekne bubar saka muride kelas IX A kang ora mlebu.
     "Niki wau kula saking omahe Delan, kaliyan kanca-kanca ingkang mboten percados marang kahananipun Delan sakpunika. Kados pundi mboten mesakaken. Piyambakipun mboten saged dipun ajak caturan,  sageda diajak caturan mung sethithik kemawon. Pandangan mripatipun katon kosong, kaya-kaya ora ana kang dideleng." Pak Edho miwiti rembug.
     "Lha sakite Delan punika menapa tha Pak Edho?", pitakonku.
     "Nggih punika pak Kis, kadosipun mboten saklumrahe sakitipun Delan punika, Niki wau kula kaliyan kanca-kanca padha sami mbuktekaken dhateng ngriyanipun, amargi sampun tigang mingguan mboten mlebet dhateng sekolah." mangkono panjlentrehe pak Edho.
     "Lajeng kadospundi sakmantunipun makaten", pitakonku.
     "Tiyang sepahipun inggih sampun sami-sami ikhtiyar tindak pundi-pundi kemawon,  wiwit saking rumah sakit, ngantos dhateng tiyang pinter utawi paranormal, sampun dipun purugi sedaya, nanging kados mboten wonten pikantukipun." Banjur Pak Edho mbacutake olehe crita, "Tiyang sepahipun criyos, Delan punika kados tiyang ingkang bingung, ninggali dhateng njaban ngriya mboten wanton, kados wonten ingkang dipun wedeni. Punapa malih medhal griya boten wanton saestu.
     "Sakpunika saenipun kados pundi?"
     "Amrih saenipun panjenengan inggih sowan dhateng dalemipun, mbok menawi saged aweh pituduh ingkang wigati dhateng Delan kaliyan tiyang sepahipun," mangkono pak Edho aweh pamikiran kang gamblang.
     "Ya mangkono luwih prayoga, sesuk wae aku dak tindak menyang omahe Delan".
     Udakara jam 10.00 aku mlebu menyang ruang guru, ing kono ana Pak Suryadi, Pak Padi, Bu Lis, Pak Yono lan Pak Wit. Ing kono uga rembugan babagan penyakite Delan kang ora saklumrahe. Pak Cahyo uga mlebu saka mulang ing ruang kono, dhewekne uga arep menyang omahe Delan, mbokmenawa bisa aweh  pambiyantu kanggo ngudhari reribet saksuwene apa kang dialami dening Delan kelas sangga iku.
     "Eman-eman tenan Delan bocahe meneng, tur uga pinter tenan, kok ya ana-ana wae cobaan kanggo dewekne," mangkono uneg-unege Pak Cahyo.
     "Sesuk ayo kita ngendangi Delan, mbok menawa ana kang bisa aweh pitulungan tumrape dewekne", mangkono pangajakku.
     "Mekaten nggih prayogi, pak."
     "Inggih pak Cahyo, kula nyuwun tulung saestu kaliyan penjenengan amrih Delan saget saras, terserah panjenengan kados pundi amrih saenipun mangsabaranga dumatheng panjenengan," mangkono panyelane pak Suryadi.
      "Nggih kula cobi kemawon, mangga pak Kis, sareng-sareng kita sengkuyung amrih enggal saenipun dumatheng Delan punika," mangkono pambagene pak Cahyo marang aku.
     
     Dina iku ngepasi ora pangaweyan kang kudu dirampungake cepat-cepet. Mulane aku ngajak Pak Cahyo menyang omahe Delan. Pak Suryadi uga melu arep ngertakake kepriye kabare Delan.
      Sepedha loro beberengan menyang omahe Delan. Watara 10 menitan wis teka omahe Delan. Ing kono dibagekake karo simbokne. Simbokne wis katon tepung karo pak Suryadi lan pak  Suryadi lan pak Cahyo. Dene marang aku isih durung patiya kenal. Aku, pak Cahyo uga dipapag dening Delan.
     Dak sawang Delan kaya patung kang urip. Ora ana cahya sumunar saka praupani. Mripat kang kosong plong tanpa wewayangan urip, kaya-kaya ora ana kang disawang. Kosong. Kosong. Ora ana apa-apa. 
     Pak Suryadi banjur njlentrehake marang simboke Delan bab tekane ing omah kene. Simboke nampa kanthi bungahe ati. Ora bungah kepriye, oleh kawigaten saka bapak ibu gurune, amarga anake semata wayang wis suwe ora gelem mlebu menyang sekolahan. Kok sekolah, metu wae saka lawang, mripate lingak-linguk, kaya-kaya ana kang digoleki kanthi praupan bingung, ora karuwan apa kang diwedeni iku.
      Pak Suryadi uga caturan karo Delan. Pak Cahyo uga melu-melu caturan. aku mung ngrungokake wae, apa kang dadi wiwitane bisa ndadekake Delan kaya mangkene. Dak deleng katone ana kang diwedeni. Bareng pandelenge Delan ketemu karo pandelengku, dewekne cepet-cepet ngalihake panyawang marang mangisor, kaya-kaya wedi diweruhi sapa sejatine dewekne iku.
     Aku enggal nyedhaki lungguhe Delan. Banjur dakajak salaman, dak ajak ndeleng mripatku.
     "Delan, coba delengen mripatku iki, aja mikir apa-apa, dlengen, delengen, delengen", mangkono paprentahku marang Delan. Katon mripati Delan kembeng-kembeng ngetokake banyu, saya akeh lan tansaya akeh.
     "Pak, wedi aku pak, emoh-emoh," Delan enggal-enggal ndingkluk, tumungkul lemes.
     "Sapa kowe iki," aku aweh pitakon marang Delan.
     "Aku Praba," mangkono Delan wangsulan.
     " Keneng apa kowe manggon ing kene".
     "Aku mung arep melu sawetawis".
     Wangsulan mangkono, katone Delan keganggu swarane salah sijining guru kang padha melu ing omah kono. Banjur Delan tangi, ning meneng wae, katon mripate ora ana apa-apa kang disawang. Kosong, ya ..... kosong. Mung kosong kang ana ing mripate. Kaya-kaya mayit kang urip, pantese julukane kanggone Delan iki.
     Ora watara suwe aku lan kanca-kanca banjur nyuwun pamit marang ibune Delan. Aku sakanca banjur mulih menyang sekolahan. Ing sekolahan akeh pitakonan kang dak wangsuli siji mbaka siji. Katone gawe kawigaten kanca-kanca guru kabeh. 

     Dina-dina candhake lumaku kanthi biyasane. Ora rinasa wus sewulanan, ana tamu menyang sekolah.
     "Pak Kis, wonten tamu ingkang madosi", mangkono bu Puji menehi pambage marang aku.
     "Sinten bu,"
     "Bapakipun Delan."
     Aku banjur lumaku tumuju menyang ruanganku. "Tepangaken, kula Pak Kis, panjenengan punika sinten," mangkono pambuka rembuganku marang tamuku.
     "Ngapunten pak Kis, kula punika tiyang sepahipun Delan, saderengipun kula nyuwun ngapunten ingkang katah, kula sakpunika badhe ngriwuki dumateng panjenengan." ngendikane bapake Delan.
     "Punapa ingkang saged kula aturaken panjenengan, punika sampun dados pandamelan kula"
     "Mboten perkawis piwulang ingkang wonten ngriki, putri kula menawi kula gagas perkawis kapinteran ngggih mboten awon, kula punika badhe matur panjenengan punapa samangke dipun trami kanthi manah engkang sekeca, kula punika kalebet sakbingungan yen ngalami bab makaten". mangkono bapake Delan ngendikan.
     "Lajeng punapa ingkang badhe kula rencangi dumatheng panjenengan?"
     "Punika perkawis tingkah polahipun genduk ingkang nyalawadi, kula pikantun wisik kedah dhateng sekolahanipun genduk punika, kalawau mlebet dhateng mriki, manah kula kados ayem tentrem kaliyan katon sumunar ingkang padhang makaten, lajeng kula wantun-wantunaken gendikan punika dumatheng panjenengan".
     "Lajeng kados pundi kersanipun panjenengan."
     "Kula badhe nyriosaken punapa ingkang nembe kemawon kula lampahi sak derengipun putri kula kados mekaten. Ing dinten Rabu kliwon wulan kepengker watawis jam pitunan kula punika dipun wastani sare, kula punika mboten sare, lha kok kula wastani ing peken Donomulyo punika ngawontenaken wayangan, katonipun ngggih katah ingkang rawung. Pak Supriyadi mirsani wayangan punika, luwih-luwih kaaton Pak Karno presiden kita uga purun ngrawuhi wayangan ing tlatah punika. Wayang katon titiwancinipun para Punakawan medhal."
     "Lajeng punapa ingkang kedadosan", aku banjur aweh pitakonan.
      "Para punakawan ingkang medhal jangkep wonten  Kyai Semar, Petruk, Gareng lan Bagong. Kyai Semar ngendikan, "Kae lho para putraku delengen saka arah kulon, lor, wetan lan kidul kae katon cumlorot padhang, kae dudu santet utawa tenun, nanging kae para manungsa kang pada ibut tandhang gawe arep mbagekake junjungan kita. Kita bakal ketekan tamu agung saka Sumber genthong. Delengen saka kidul kae katon dampyak-dampyak arep mbagekake junjungan kita iki."
     Kudune sing caturan iku dalange, nanging Pak Mulyono, bapake Delan nandesake yen caturan kuwi dudu dalange, nanging wayang kang saka kulit kang diseleh ana papane. Para punakawan banjur mbacutake olehe caturan kuwi, Pak Mulyono banjur mbacutake olehe guneman.
     "Lha awake dewe iki uga kudu siyap-siyap, aja mung gojegan wae, tandhang gawe sing mempeng, aja kakehan gegojegan, mengko didukani bendarane dewe. Iki mono wis nyedhaki titi wancine olehe nduwe gawe. Aja sembrono olehmu makarya. Ayo gek ndang ditata-tata kareben pener oleh junjungan kita ndeleng asile pangaweyan ini", Kyai Semar ngajak para putrane.
     "Gong, kae delengen saka kidul kae, sesepuhne Sumbergenthong wis katon lumaku arep nderekake junjungan kita nduwe gawe iki, ayo enggal-enggal dibagekake, kae lho ana sing kurang pener, enggal dipenerake."
     "Mo, gek kapan tho olehe junjungan kita megawe iki."
     " Ya wis cedhak tha leeee, sedhela engkas nak sasi Mulud, kuwi kudu dileluri, aja nganti kelalen, Bocah saiki kok angel tenan lehne kon ngleluri leluhure. Kita kabeh kudu eling marang para leluhur kabeh, kareben gangsar kwarasan olehe mergawe, aja nganti ana rubeta apa wae." mangkono panjlentrehe Kyai Semar marang bagong.
     
     Pak Mulyono banjur mungkasi olehe nirokake olehe caturan Para Punakawan kuwi.
     
Candhake " KERASUKAN PRABAWATI"


Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS UANG pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

7. Sundel Bolong Aweh Piweling


SUNDEL BOLONG AWEH PIWELING
Alaming Lelembut

     Rehab sekolah saka Dewan wis oleh kabar kang nyenengake kanggoku, senajan ora cocok karo kabar kang sadurunge dak tampa, nanging dana kuwi pancene diperlokake banget kanggo sekolahku iki.
     Para kanca kang kawogang babagan bangunan banjur dak kumpulake ana ing kantorku. Kabar  kang mentas wae dak tampa banjur dak jlentrehake marang para kanca. Kanthi ati seneng bisa nampa babagan dana kang oleh saka pengajuwan liwat DEWAN. Banjur schedule apa wae kang kudu dilakoni, supaya mengko taun piwulangan anyar bisaa digunakake kanthi tumata wis apik.
     Cekake para kanca uga aweh panemu, mumpung dina preyi kanggone bocah-bocah, kuwi dina kang apik banget kanggone miwiti mbongkar rong ruwang kelas kang pancen wis tuwa banget umure. Yaaaaah kojur banget dene ora ana bilahi kanggone bocah-bocah kang padha sinau ing ngisore bangunan sekolah iki.
     "Yen mekaten mbenjang enjing dipun wiwiti ngandhapake genting kemawon pak," mangkono panemune Pak Wito.
     "Pancen kudune mangkono, sesuk panjenengan ingkang nata para bocah-bocah, supaya pada sengkut yen arep ngudhunake genteng, ben ora ana apa-apa, mengko dak tembunge marang kang mbaureksa ing kelas kono.
     Sore kuwi kira-kira jam 15.00 WIB aku mulih saka pawiyatanku yaiku SMPK SALUD, mangkono aku menehi jeneng cekakan supaya gampang dieling-eling.
     Bubar adus, kaya padhatane aku nulis-nulis ana ing laptopku, apa wae kang ana ing pamikirku ya tak tulis ing kono. Bab apa wae kang dumadi ana ing jagading pendidikan, pamarintahan, uga gonjang-ganjinge kahanan kang ana ing Indonesia iki.
Ora rinasa wis  ngancik jam 22.00 WIB, kanthi mata ngantuk aku langsung  ngeblak ana ing karpet cedhak TV, Laptop dhak tutup ngono wae, mengko yen aku tangi sawayah-wayah arep nerusake olehku ngetik catetan taunan sekolahku.
     Mbuh kena dhaya apa ora suwe rinasa kok ana wong wadon loro moro menyang aku.
     "Apa bener sampeyan arep tandhang gawe ana  ing pangonanku?", mangkono pitakone Mira, jeneng kang ditepungake marang aku.
     "Inggih, pancene mekaten punika, punapa wonten wigati ingkang sae tumrapipun tumandhang gawe samangke?" aku aweh pitakonan marang dewekne.
     "Mboten mangkono, amrih prayoginipun panjenengan sakanca kedah kemutan dumatheng para leluhur ingkang nyawiji wonten ing pangonan punika, supados mboten perkawis ingkang mulawatiri pakaryan punika." mangkono dewekne menehi pituduh marang aku.
Uga ana sawijining wong wadon sijine kang luwih enom, mung meneng wae, ora melu rembugan marang aku.
Banjur rampung olehe caturan, padha pamitan.
Dhak salami kekarone kanthi esem marang tamu wadon loro mau, aku uga melu mbagekake tekan ngarepan omah. Bareng dhewekne mbalik klepat saka ngarepku, lhadalah...... Jithokku .... Pandelengku... Utegku... Kabeh kaya-kaya ora ana gunane kabeh.
Geger wong wadon lelorone lha kok bolong.... Katon abang,  getih pating dlewer ana ing gegere... Lan maneh... Akeh uler ing kono????????????? Aku mung meneng wae, ora kumecap-kecap apa-apa. Meneng wae, karo ndeleng pawongan loro kang padha bali marang omahe.
Aku mung memuji marang Gusti Kang Akarya Jagad. Kanthi ati kang kebah kawelasan, muga-muga dosa-dosa dewekne disepura dening Gusti. Emboh kapan dewekne katampa ing Alam Kelangengan.
Nuwun.
Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS UANG pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk



Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
Kode Pos 65163       No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO
Kami membutuhkan dana untuk pengembangan PELAYANAN BAGI YANG MISKIN.