Senin, 18 Maret 2013

6. Ringgit Caturan


RINGGIT CATURAN
Alaming Lelembut
     Dina iki kaya padatane aku ngayahi tugas ana ing sawijining pawiyatan. Kaya padatane aku ngayahi tugas sakbendinane saka Tata Usaha menyang Ruang Guru, banjur lungguh ana ing ruanganku dhewe. 
     Kagiyatan isuk iki lumaku kanthi lumrahe. Pak Edho mlebu menyang ruang Tata Usaha, banjur nyritakake menawa dhewekne bubar saka muride kelas IX A kang ora mlebu.
     "Niki wau kula saking omahe Delan, kaliyan kanca-kanca ingkang mboten percados marang kahananipun Delan sakpunika. Kados pundi mboten mesakaken. Piyambakipun mboten saged dipun ajak caturan,  sageda diajak caturan mung sethithik kemawon. Pandangan mripatipun katon kosong, kaya-kaya ora ana kang dideleng." Pak Edho miwiti rembug.
     "Lha sakite Delan punika menapa tha Pak Edho?", pitakonku.
     "Nggih punika pak Kis, kadosipun mboten saklumrahe sakitipun Delan punika, Niki wau kula kaliyan kanca-kanca padha sami mbuktekaken dhateng ngriyanipun, amargi sampun tigang mingguan mboten mlebet dhateng sekolah." mangkono panjlentrehe pak Edho.
     "Lajeng kadospundi sakmantunipun makaten", pitakonku.
     "Tiyang sepahipun inggih sampun sami-sami ikhtiyar tindak pundi-pundi kemawon,  wiwit saking rumah sakit, ngantos dhateng tiyang pinter utawi paranormal, sampun dipun purugi sedaya, nanging kados mboten wonten pikantukipun." Banjur Pak Edho mbacutake olehe crita, "Tiyang sepahipun criyos, Delan punika kados tiyang ingkang bingung, ninggali dhateng njaban ngriya mboten wanton, kados wonten ingkang dipun wedeni. Punapa malih medhal griya boten wanton saestu.
     "Sakpunika saenipun kados pundi?"
     "Amrih saenipun panjenengan inggih sowan dhateng dalemipun, mbok menawi saged aweh pituduh ingkang wigati dhateng Delan kaliyan tiyang sepahipun," mangkono pak Edho aweh pamikiran kang gamblang.
     "Ya mangkono luwih prayoga, sesuk wae aku dak tindak menyang omahe Delan".
     Udakara jam 10.00 aku mlebu menyang ruang guru, ing kono ana Pak Suryadi, Pak Padi, Bu Lis, Pak Yono lan Pak Wit. Ing kono uga rembugan babagan penyakite Delan kang ora saklumrahe. Pak Cahyo uga mlebu saka mulang ing ruang kono, dhewekne uga arep menyang omahe Delan, mbokmenawa bisa aweh  pambiyantu kanggo ngudhari reribet saksuwene apa kang dialami dening Delan kelas sangga iku.
     "Eman-eman tenan Delan bocahe meneng, tur uga pinter tenan, kok ya ana-ana wae cobaan kanggo dewekne," mangkono uneg-unege Pak Cahyo.
     "Sesuk ayo kita ngendangi Delan, mbok menawa ana kang bisa aweh pitulungan tumrape dewekne", mangkono pangajakku.
     "Mekaten nggih prayogi, pak."
     "Inggih pak Cahyo, kula nyuwun tulung saestu kaliyan penjenengan amrih Delan saget saras, terserah panjenengan kados pundi amrih saenipun mangsabaranga dumatheng panjenengan," mangkono panyelane pak Suryadi.
      "Nggih kula cobi kemawon, mangga pak Kis, sareng-sareng kita sengkuyung amrih enggal saenipun dumatheng Delan punika," mangkono pambagene pak Cahyo marang aku.
     
     Dina iku ngepasi ora pangaweyan kang kudu dirampungake cepat-cepet. Mulane aku ngajak Pak Cahyo menyang omahe Delan. Pak Suryadi uga melu arep ngertakake kepriye kabare Delan.
      Sepedha loro beberengan menyang omahe Delan. Watara 10 menitan wis teka omahe Delan. Ing kono dibagekake karo simbokne. Simbokne wis katon tepung karo pak Suryadi lan pak  Suryadi lan pak Cahyo. Dene marang aku isih durung patiya kenal. Aku, pak Cahyo uga dipapag dening Delan.
     Dak sawang Delan kaya patung kang urip. Ora ana cahya sumunar saka praupani. Mripat kang kosong plong tanpa wewayangan urip, kaya-kaya ora ana kang disawang. Kosong. Kosong. Ora ana apa-apa. 
     Pak Suryadi banjur njlentrehake marang simboke Delan bab tekane ing omah kene. Simboke nampa kanthi bungahe ati. Ora bungah kepriye, oleh kawigaten saka bapak ibu gurune, amarga anake semata wayang wis suwe ora gelem mlebu menyang sekolahan. Kok sekolah, metu wae saka lawang, mripate lingak-linguk, kaya-kaya ana kang digoleki kanthi praupan bingung, ora karuwan apa kang diwedeni iku.
      Pak Suryadi uga caturan karo Delan. Pak Cahyo uga melu-melu caturan. aku mung ngrungokake wae, apa kang dadi wiwitane bisa ndadekake Delan kaya mangkene. Dak deleng katone ana kang diwedeni. Bareng pandelenge Delan ketemu karo pandelengku, dewekne cepet-cepet ngalihake panyawang marang mangisor, kaya-kaya wedi diweruhi sapa sejatine dewekne iku.
     Aku enggal nyedhaki lungguhe Delan. Banjur dakajak salaman, dak ajak ndeleng mripatku.
     "Delan, coba delengen mripatku iki, aja mikir apa-apa, dlengen, delengen, delengen", mangkono paprentahku marang Delan. Katon mripati Delan kembeng-kembeng ngetokake banyu, saya akeh lan tansaya akeh.
     "Pak, wedi aku pak, emoh-emoh," Delan enggal-enggal ndingkluk, tumungkul lemes.
     "Sapa kowe iki," aku aweh pitakon marang Delan.
     "Aku Praba," mangkono Delan wangsulan.
     " Keneng apa kowe manggon ing kene".
     "Aku mung arep melu sawetawis".
     Wangsulan mangkono, katone Delan keganggu swarane salah sijining guru kang padha melu ing omah kono. Banjur Delan tangi, ning meneng wae, katon mripate ora ana apa-apa kang disawang. Kosong, ya ..... kosong. Mung kosong kang ana ing mripate. Kaya-kaya mayit kang urip, pantese julukane kanggone Delan iki.
     Ora watara suwe aku lan kanca-kanca banjur nyuwun pamit marang ibune Delan. Aku sakanca banjur mulih menyang sekolahan. Ing sekolahan akeh pitakonan kang dak wangsuli siji mbaka siji. Katone gawe kawigaten kanca-kanca guru kabeh. 

     Dina-dina candhake lumaku kanthi biyasane. Ora rinasa wus sewulanan, ana tamu menyang sekolah.
     "Pak Kis, wonten tamu ingkang madosi", mangkono bu Puji menehi pambage marang aku.
     "Sinten bu,"
     "Bapakipun Delan."
     Aku banjur lumaku tumuju menyang ruanganku. "Tepangaken, kula Pak Kis, panjenengan punika sinten," mangkono pambuka rembuganku marang tamuku.
     "Ngapunten pak Kis, kula punika tiyang sepahipun Delan, saderengipun kula nyuwun ngapunten ingkang katah, kula sakpunika badhe ngriwuki dumateng panjenengan." ngendikane bapake Delan.
     "Punapa ingkang saged kula aturaken panjenengan, punika sampun dados pandamelan kula"
     "Mboten perkawis piwulang ingkang wonten ngriki, putri kula menawi kula gagas perkawis kapinteran ngggih mboten awon, kula punika badhe matur panjenengan punapa samangke dipun trami kanthi manah engkang sekeca, kula punika kalebet sakbingungan yen ngalami bab makaten". mangkono bapake Delan ngendikan.
     "Lajeng punapa ingkang badhe kula rencangi dumatheng panjenengan?"
     "Punika perkawis tingkah polahipun genduk ingkang nyalawadi, kula pikantun wisik kedah dhateng sekolahanipun genduk punika, kalawau mlebet dhateng mriki, manah kula kados ayem tentrem kaliyan katon sumunar ingkang padhang makaten, lajeng kula wantun-wantunaken gendikan punika dumatheng panjenengan".
     "Lajeng kados pundi kersanipun panjenengan."
     "Kula badhe nyriosaken punapa ingkang nembe kemawon kula lampahi sak derengipun putri kula kados mekaten. Ing dinten Rabu kliwon wulan kepengker watawis jam pitunan kula punika dipun wastani sare, kula punika mboten sare, lha kok kula wastani ing peken Donomulyo punika ngawontenaken wayangan, katonipun ngggih katah ingkang rawung. Pak Supriyadi mirsani wayangan punika, luwih-luwih kaaton Pak Karno presiden kita uga purun ngrawuhi wayangan ing tlatah punika. Wayang katon titiwancinipun para Punakawan medhal."
     "Lajeng punapa ingkang kedadosan", aku banjur aweh pitakonan.
      "Para punakawan ingkang medhal jangkep wonten  Kyai Semar, Petruk, Gareng lan Bagong. Kyai Semar ngendikan, "Kae lho para putraku delengen saka arah kulon, lor, wetan lan kidul kae katon cumlorot padhang, kae dudu santet utawa tenun, nanging kae para manungsa kang pada ibut tandhang gawe arep mbagekake junjungan kita. Kita bakal ketekan tamu agung saka Sumber genthong. Delengen saka kidul kae katon dampyak-dampyak arep mbagekake junjungan kita iki."
     Kudune sing caturan iku dalange, nanging Pak Mulyono, bapake Delan nandesake yen caturan kuwi dudu dalange, nanging wayang kang saka kulit kang diseleh ana papane. Para punakawan banjur mbacutake olehe caturan kuwi, Pak Mulyono banjur mbacutake olehe guneman.
     "Lha awake dewe iki uga kudu siyap-siyap, aja mung gojegan wae, tandhang gawe sing mempeng, aja kakehan gegojegan, mengko didukani bendarane dewe. Iki mono wis nyedhaki titi wancine olehe nduwe gawe. Aja sembrono olehmu makarya. Ayo gek ndang ditata-tata kareben pener oleh junjungan kita ndeleng asile pangaweyan ini", Kyai Semar ngajak para putrane.
     "Gong, kae delengen saka kidul kae, sesepuhne Sumbergenthong wis katon lumaku arep nderekake junjungan kita nduwe gawe iki, ayo enggal-enggal dibagekake, kae lho ana sing kurang pener, enggal dipenerake."
     "Mo, gek kapan tho olehe junjungan kita megawe iki."
     " Ya wis cedhak tha leeee, sedhela engkas nak sasi Mulud, kuwi kudu dileluri, aja nganti kelalen, Bocah saiki kok angel tenan lehne kon ngleluri leluhure. Kita kabeh kudu eling marang para leluhur kabeh, kareben gangsar kwarasan olehe mergawe, aja nganti ana rubeta apa wae." mangkono panjlentrehe Kyai Semar marang bagong.
     
     Pak Mulyono banjur mungkasi olehe nirokake olehe caturan Para Punakawan kuwi.
     
Chutel.

Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar