DIAJAK EMBAH JENGGOT PUTIH
Taun 1998 penere wulan Nopember, kuwi wulan kang gawe senenge
atiku. Yo gene aku kok seneng, Kepriye ora seneng, yen apa kang dikarepake bisa
kaleksanan kanthi apik lan cocog karo kang dikarepake. Wulan Nopember 1998 aku
nampa SK Pindah saka SMAK Yos Sudarso Kotatif Batu menyang SMPK St. Yoseph
Kepanjen. Kang njalari atiku seneng, amarga sekolah kang dakpangoni iki klebu
tangga omah, dadi yo ora adoh. Yen pinuju bel sekolah yo mesthi keprungu saka
omah, lha wong dempet banget karo panggonanku kost.
Dina kuwi dina kang wiwitan anggonku mlebu sekolahan anyar.
Aku wis akeh kang kenal karo Bapak Ibu Guru kang mulang ing sekolahanku kang
anyar iki. Nanging aku tetep wae dikenalne kanthi resmi kaliyan Bapak Kepala
Sekolah. Ing perkenalan kuwi aku kebageyan Mulang Olahraga lan Basa Jawa, uga
diwenehi tugas ing Perpustakaan. Pancen tugas tambahan liyane kudu bisa
dileksanakake ing sekolah iki. Aku mung melu wae apa kang didawuhake
Bapak Kepala Sekolah apa kang kudu daktindakake. Ananging ing njerone ati aku
mbathin, aku iki wong asli Malang, Basa Jawane Malang jan amburadul tenan,
malah sok diwolak-walik. Apa bisa aku mulang bocah SMP ngenani basa Jawa iku,
mengko yen kliru kepriye. Atiku ora jenjem, ning aku uga ora isa nolak. Jarene
ngono, Guru kuwi kudu bisa kaya dalang, “Menange Mung Sewengi”.
Dina-dina candhake daklakoni kanthi premana, kanca-kancaku
padha melu nyengkuyung apa sing dakprogramake. Ora krasa wis oleh
seminggu anggonku mulang ing sekolah anyar iki.
Aku diwenehi uga tanggung jawab mbimbing ekstrakurikuler
Olahraga. Kang dakpilih yakuwi Nglangi. Jalaran pancen ing babagan nglangi kuwi
special kang daksenengi dhewe. Bocah-bocah uga seneng yen dakwulang wancine
nglangi, ana sing gocegan karo kancane, ana kang wus bisa nglangi, yen
daksawang-sawang pancen nyenengake dadi guru kuwi, apamaneh yen bocahe padha
seneng nampa piwulangan, mesthi bakal cepet pinter-pinter.
Wiwitane pancen yo ana sing ngombe banyu kolam, ana kang
kupinge kelebon banyu. Pancene yen bocahne durung patiyo iso nglangi, mesthi
ana wae sing dialami. Malah ana salah siji lan loro guru kang ora sarujuk yen
bocah-bocah diwulang ekstra nglangi, jalaran bahaya, mengko gek ana bocah kang
kedelep. Aku uga menehi alas an kang maton, “ Kabeh sarana Olahraga iku
mbebayani, ora ana sing ora mbebayani, kabeh yen dilakoni kanthi aturan kang
wis gumathok, mesthi bakal adoh saka bilahi”. Mangkono wangsulanku.
Dina-dina candhake lumaku kanthi nyenengake, lan bocah-bocah
wis akeh kang padha pinter nglangi. Nanging aku yen wancine mulang nglangi,
tetep wae ngawasi lan aweh pituduh amrih bocah-bocah ana kemajuan kang apik.
Lan aku uga tetep maspadhakake kabeh bocah kang dak wulang. Sawatara wektu yen
pinuju wis cukup kanggo menehi pituduh lan nambahi kapinteran bab nglangi,
bocah-bocah dakwenehi kebebasan kanggo ngaso, utawa kang wis wasis nglangi dak
ajak balapan karo kanca-kancane. Yo mesthine aku dadi jurine, sapa kang apik
olah bawane bab nglangi, lan sapa kang paling cepek teka ing finish. Yen wis
ngono iku tansaya lali marang wektu, weruh-weruh ana bel wesi kang dithuthuk
petugas kanggo tandha 15 menit maneh regol kolam bakal ditutup.
Dina kanggone latihan ekstra nglangi pancen dina Kamis, dina
kang resik kanggo banyune, amarga dina Rebone kolam wis dikuras, dadi yo resik
tenan. Katon banyune bening lan seger, pancen banyune dijupuk saka sumbering
langsung lan yen amber uga langsung dibuwang menyang kali. Kali kanggone
pambuwangan diarani Kali Metro, kali kang amba banget udakara 20 meter lan
jerining udakara 25 meteran, Ning banyune ora jero nemen. Yo banyu Kali
Metro kuwi kang mengkone kanggo pembangkit Tenaga Listrik ing Karangkates.
Dina Kemis isuk bocah-bocah wis padha ndaftar yen mengkone
mulih sekolah arep melu nglangi. Dina iki pas dina Kamis Kliwon. Bocah-bocah
kang melu nglangi ana yen 20 bocah, daksemayani mengko jam loro awan aku wis
ana ing kolam. Bocah-bocah ana kang matur yen arepe langsung menyang kolam.
Senajan bocah-bocah akeh kang wis bisa nglangi, aku wanti-wanti supaya ana ing
jethekan wae, mengko yen wis aku teka, banjur neng jeroan.
“Nggih pak,” mangkone wangsulane bocah-bocah.
Jam loro kurang limang menit aku wis teka neng kolam karo
anakku Raindy, kang wektu kuwi umur patang taun, kang wis wasis banget bab
nglangi kanggone sapantarane. Pancen dheweke seneng banget yan dijak menyang
kolam, malah dipilih ngambek yen ora dijak nglangi. Dheweke seneng banget yen
weruh banyu. Mangkane aku uga menehi piwulang khusus kang special kanggone,
supaya engggal wasis ing babagan nglangi, yen mangkono atiku ora sumelang yen
dewekne kedhelep. Jalaran bocah sakmono iku ora ngerti bebayane marang banyu.
Bocah-bocah dakdeleng ana kang wis nyemplung kolam padusan
kuwi. Weruh aku teka, enggal-enggal mentas lan padha marani aku. Ora let
sedhela aku wis menehi starching (pelemasan) lan warming up (pemanasan) ngono
kuwi, yo kaya guru olahraga ngono kae hihihihi. Ora dhing. Pancene aku guru
olahragane kok.
Bocah-bocah semangat banget anggone nglaksanaake piwulangku.
Ana nek sepuluh menitan. Banjur dakkongkon nyemplung ing pinggire kolam, lan
dakterusake piwulang sabanjure kaya biasane. Ora perlu dijelentrehne tho. Yen
guru olahraga mesthi bakal weruh, apa kang sabanjurne ditindhakake.
Aku mesthi menehi pituduh saka njabane kolam, maksudku ana
pinggire kolam nglangi, menehi piwulang, sinambi mbiji bocah sapa kang wasis,
mesthi dakwenehi biji apik, kang kurang dakwenehi pituduh sabanjure kanggo
ningkatake keprigelane ing babagan nglangi.
“Pak sampun sayah, ngaso nggih”, ana sawijining bocah kang
matur mangkono.
“Sedhela maneh, yo cah”, wangsulanku.
Ora watara suwe aku mungkasi anggonku aweh piwulangan
nglangi. “Wis cah, saiki kowe oleh sakarepmu, kang wis wasis, ayo
banter-banteran nglangi, bocah kang durung wasis kono ing jenthekan wae, karo
anakku”.
Ana nek enem bocah kang wasis wis siyap ancang-ancang arep
balapan nglangi. Aku mung menehi aba-aba wae, wis padha ibut nglangi
cepet-cepetan. Kang ndhisiki tekan pinggir sabrang senenge ora mekakat, kancane
diece ngono, wong pancene bocah umur 14 tahunan, yen guyonan karo kancane padha
ngece-ngece ngono.
Dak deleng saka kidul kok Andi mlaku cepet-cepet jalaran
tekane telat. Ora telat kok, mung meh bubaran iki, lha piye ora ngono, kancane
wis rampung lehe latihan lha kok dheweke mentas wae teko.
“Ndi, gek ndang ganti klambine, mengko enggal nyusul
kancane,” mangkono paprentahku marang Andi.
“Ngggih pak”.
Aku nglangi mangetan lan mangulon bola-bali karo bocah-bocah
kang wis wasis ing kolam kang jero. Aku mandhek ing sisih kulon. Kok banjur
kelingan marang Andi kang nembe teka kuwi.
Aku takon marang bocah ing cedhekku,” Andin ing pinggir endi
iki mau kok ora katon”?
“Mboten sumerep pak”.
Ujug-ujug ana bocah kang mbengok ing cedhakku. “Pak, kok
wonten lare ing ngisor mriku kok kuwat banget mboten munggah-mungah
sampun kalawau!”. Dhek, tratab atiku, atiku kaya ana kang ndudhut,
kelingan Andi kang ora katon watara rongmenitan. Aku enggal-enggal munggah saka
banyu kolam. Saka ndhuwur aku ambyor sak kuwate mengisor. Tanganku dakobahake
sakbantere nangging meksa ora enggal tekan ngisor pener bocah kuwi. Rumangsa
aku ora bisa tekan ngisor, dakgelak awakku munggah nyedhul mendhuwur.
“Pak, pak tulung ana bocah kedelep ing ngisor iki!!!”,
pambengokku dak banterake. Saka sisih lor ana pawonggan kang enggal-enggal
cucul kaos, langsung terjun banter banget menyang kolam tumuju pener bocah kang
kedelep ing ngisorku. Saka mencungule bocah kedelep kuwi karo Santo, ngono
panhyeluke marang bocah kang nulungi kuwi. Saka njaban banyu bocah mau langsung
dakdeleng. Lho, lho… Sirahku langsung krasa puyeng, bingung, atiku rasane kaya
ilang saka ragaku. Kepriye ora kaya lemes-lemesa, lungkrah awake, lha bocah
sing nembe dientas kuwi jebule…. Jebule… Andi…. Ya Andi muridku. Jan tenan iki
pancene Andi.
“Waduh piye iki, banjur apa kang kudu dak tindakake, aku
banjur piye, bingung, mengko gek bocahe mati, iki mesthi dadi tanggung jawabku,
kepriye mengko lehku tanggung jawab marang wong tuwane,” akeh banget pitakon
ana ing njerone atiku, senajan mung sedhela.
“Tulung diangkat kene”, panyuwunku marang bocah ing pinggire.
Aku menehi pitulungan nafas buatan kanthi nekan dhadhane supaya banyu ing
dhadhane enggal metu. Bola-bali dhak lakoni. Aku njur kelingan piwelinge Guru
Kebathinanku, “Yen kowe ngalami prastawa kang nyalawedi, iku ateges ora
salumrahe. Kowe kudu ora ambegan sakkuwate, yen prelu ya dikuwat-kuwatake karo
ndongaa ‘Rama kawula ing Suwarga’ diucapake bola bali karo aja ambegan”.
Apa kang dadi piwelinge Guruku, langsung daklakoni, awakku
krasa panas kabeh lan kringet sak jagung-jagung padha dleweran saka raiku,
dhadhaku, gegerku, ning kuwi ora dak gubris blas. Ing atiku aku kudu njupuk lan
ngawa nyawane bocah iki marang ragane (kaya diajarake marang aku). Bola-bali
aku uga nyebut jenenge Andi, Andi, Andi, terus bola-bali…
Posisine Andi banjur dak ubah sikile neng ndhuwur, dicekeli
karo wong loro. Ora ana perubahan apa-apa. Dakpindah maneh posisine mengkurep,
sirah dimiringake, banjur dak wenehi pernafasan buatan maneh lan ora ambegan
aku ndoga ‘Rama kawula ing Suwarga’ makaping-kaping, uga ora lali daksebut
jenenge Andi, Andi, Andi, bola-bali.
Malah ana kang cluluk, “ Digawa nang Rumah sakit wae”.
“Ora, bocah iki kudu ana ambegane dhisik, mengko keno digawa
mrana,” mangkono jawabku.
Ana nek limang menitan olehku menehi pernafasan buatan,
rasane aku kok wis ora bisa nulungi Andi, nangging tetep wae dhak lakoni menehi
pitulungan.
“Huk, ….. Hoek….,” keprungu swarane Andi arepe muntah,
nanging ora ana sing diwutahake, senajan banyu ya ora ana sing diwutahake.
Praupane Andi sakala abang, mripate wis ora putih maneh, malih katon irenge.
Aku banjur nyuwun wedang teh panas marang pawongan kang njaga kolam. Ora suwe
banjur wedang tehne wis teka. Andi banjur dakwenehi wedang kuwi.
“Ndi, kowe sing tenang wae, ana aku, ora usah bingung, Bubar
iki kowe dakterake menyang omahmu. Saiki ombenen dhisik wedang iki.” Mangkono
olehku ngandani marang Andi.
Andi meneng wae, kaya wong kang lagi bingung. Aku banjur
mrentah kancane supaya diajak ganti klambi, lan enggal-enggal aku ngeterake
menyang omahe dak bonceng nganggo sepedha primaku.
Kurang luwih limalas menit wis tekan omahe. Ing omahe kosong,
katone ora ana wonge. Andi banjur mlebu saka lawang kiwa omahe. Ora suwe bapake
mbagegake aku supaya pinarak ing omah.
Aku banjur nyritakake kahanan kang mentas wae dialami dening
Andi ing kolam renang sore iki. Bapake ya ora precaya marang apa kang
mentas wae dialami Andi, Lha wong Andi kuwi wis bisa nglangi, gek cita-citane
arep dadi Polisi, mangkono bapake olehe crita.
“Kula kalawau dipun sanjangi pak Herry, lajeng kula cucul
kaos banjur nyemplung wonten toya.” Andi miwit critane, “ Kula banjur nglangi
ngetan ngilen, wonten ing kilen kula wonten ingkang nabrak sirah kula, lajeng
kula mboten kelingan napa-napa”.
Aku banjur matur bapake, “ Kadosipun Andi menika taksih
wonten ingkang ndampingi, mbokbilih wonten wekdal sakmangke dipunpadosaken
tiyang sepah, kersanipun mantep manahipun Andi. Menawi mangke kraos njarem
wonten ing dhadha utawi wonten geger, menika saking pernafasan buatan ingkang
kula tindhakaken.”
“Kula nggih matur nuwun, dumatheng pitulunganipun pak Herry,
umpami mboten dipuntulungi panjenengan, kula mboten sumerep ingkang samangke
kedadeyanipun. Monggo unjukanipun dipunrahapi.” Mangkono bapake Andi ngendikan.
“Sami-sami pak, kula nggih matur nuwun sanged, menika sampun
dados tanggung jawab kula, mbokbilih wonten kirangipun kula nggih nyuwun
pangapunten ingkang kathah.” Aku mangsuli.
“Sarehnipun sampun dalu, kula badhe nyuwun pamit, mangkono
pamitanku marang bapake.
***
Sesuke Andi ora katon.
Aku menyang ruangane bapak Kepala Sekolah, banjur nyritakake
kahanan kang dhek winggi dialami marang Andi, dak critakake kabeh.
“Kang baku, kowe wis bisa tanggung jawab marang apa kang kudu
ditindakake supaya ora ngrugekake wong tuwa lan sekolahan”.
“Nggih pak,” Sakpunika Andi mboten mlebet, mbok bilih taksih
dipun tambakaken kaliyan tiyang sepahipun.”
“Ya sing ati-ati olehmu makarya lan momong para murid kabeh.”
Rong dina Andi ora mlebu. Para guru pada nakokake kahanan
Andi marang aku. Dakwangsuli apa kang ditindhakake wong tuwane Andi,
supaya oleh pitulungan medis lan magis.
Isuk kuwi aku ndeleng Andi ana ing ngarep kelase karo
kanca-kancane. Aku ora sranta, banjur Andi daktakoni.
“Kula banjur kelingan pak, dhek kepengker kula dipun ajak
tiyang sepah jenggotipun pethak nglengsreh lemah mekaten, kula dipun tuntut
mlampah kaliyang tiyang punika, lamat-lamat kula mireng pak Herry nimbali
jeneng kula, dangu-dangu tansaya banter, tansaya banter, kula banjur dipun
ujulaken gandenganipun tiyang sepah punika dhateng kula. Ngggih pak, tiyangipun
lajeng mlampah piyambakan, kula dipun tinggal mekaten.” Mangkono penjlentrehe
Andi.
“Lha terus kepriye kahananmu ing ngomah”, pitakonku.
“ Awak kula sedaya kados lungkrah sanget, Njarem sedaya pak,”
mangkono wangsulane Andi. “Kala wau dalu kula nggih dipun ajak, nanging kula
mboten purun, lajeng kaleyan bapak kula dipunusapi toya pethak, kula saged
bubuk kepenak.” panjlentrehe Andi.
“Yoh sing ati-ati anggonmu ngadepi urip iki, awake dhewe
sadermo nglakoni, ora kuwasa marang ngaurip, bisane mung nglestarekake urip iki
kanthi becik”, pituturku marang Andi. Banjur dhewekne dakkongkon mlebu menyang
kelase.
-
CUTHEL -
Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang
Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur
Indonesia
No. 6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO