Minggu, 17 Maret 2013

1. BAJANG ANONIM


BAJANG ANONIM
Alaming Lelembut

     Pramuka ing Yayasan Karmel Keuskupan Malang kang manggon ing Provinsi jawa Timur arep nganakake Jambore Pramuka sak yayasan Karmel. Angkahe amrih kegiatan Pramuka dibangkitake saka turune kang wus suwe banget. Kanca- kanca padha ngayahi tugase dhewe- dhewe miturut pambage saka musyawarah.
      Wektu kang ditemtokake kurang telung wulan engkas. ateges isih suwe kanggone  tata-tata tumrape panitiya kabeh.
     Kurang saka sawulan oleh email saka yayasan, jenenge Jambore Pramuka yayasan Karmel ora oleh.... amarga kuwi duweke pramuka nasional kang karan Kwartir Nasional kang nganakake Jambore Pramuka. Banjur jenenge diganti dadi "KEMAH SRAWUNG PRAMUKA" Yayasan Karmel, Keuskupan Malang.
      Cekake ngono, Kemah dianakake ana ing Rindam Kodam Brawijaya V Malang kang manggon ing Lawang. Wektune kemah kapilih tanggal 27-29 januari 2012, kuwi kapilih amarga yayasan karmel ganep umure  kaping 86 tahun ganep makarya ing duniya pendidikan ing Keuskupan Malang. Peserta kemah saka SD, SMP, SMA, SMK Katolik, yen dijumlah ana kurang luwih 1.300 peserta kemah.
     Wiwit tanggal 26 januari 2012 peserta kemah wis padha teka, utamane saka Banyuwangi, Madura, Bondowoso.
     Sekolahku teka ing pangonan kemah jam 11.00, banjur tata arep ngedhekake kemah. Ubarampene wus disiapake dening pembina pramuka, yaiku pak Joko. Siswaku katon rikat banget yen babagan ngedekake tenda ngono ya wis kulina. 
     Awan iki uga diwiwiti nganggo Deville, ngono isitlah keren sak iki. Devile diwiwiti saka Korwil 1 saka Malang Selatan, kang ngetokake Jaran Kepang, yakuwi SDK Arjosari Kab. Malang, wah jan eram banget, nganti ndadi gono barang, jan apik banget. 
Disambung saka Korwil 3 saka Madura, kang mamerake karapan sapi lan kesenian patrol, katon gayeng olehe mamerake kapinterane oleh solah bawa lan solah swara.
     Katerusake saka Korwil 2 saka Malang Utara, Batu lan Pasuruan kang ngatonake Barongsai, atraksine  maut-maut banget, nganti jejogetan ing ndhuwure kursi tumpuk lima, wihhhh ngeri mengko gek tiba... blug. Ning nyatane jan wasis banget olehe unjuk gelar kuwi.
Ora kalah saka Korwil 4, yakuwi Banyuwangi kang ngetokake Banteng Ngamuk, eh dudu se.... Gudel Ngamuk... lha wong sing diireng-ireng bocah-bocah cilik, dadine dudu banteng.... ning gudel.
     Pambuka dirawungi dening Bupati Malang,  Bapak Rendra kang uga Lulusan saka SMPK Pamekasan. Ing Kono uga dirawuhi dening Monsinyur Herman Yosep Pandoyo Putra O'Carm. yakuwi bapak Uskup Keuskupan Malang Provinsi Jawa Timur Indonesia.
Pancen kagiatan Kemah Srawung Pramuka iki diajab bisaa kanggo ajang sesrawungan kanthi bisa nuwuhake srawung marang sapadha-padha, kanggo njalin komunikasi lan jejaring sosial kang akeh tanpa winates dening suku, etnis, bangsa, warna kulit, apa maneh bab agama.
      Pambuka kanthi rancak kaya kang wis direncanakake, nangging sarehne gayeng wektu kang diwenehake panitiya dadi omber lan bisaa rampung watara jam 18.00 WIB.
     Sore wis mancik ing bumi perkemahan Rindam V Brawijaya kuwi, aku mlaku-mlaku menyang tendane SDK St. Yohanes Donomulyo, Bapak Hartoko sematha, kae lho anake kesurupan.
     "Yo pancene wis wayah Surup ngene, yo ora apa-apa".
     Omong-omongan ngalor ngidul, lan geguyonan gayeng banget ana ing kemah kono diwangsuli dening tangga kiwa tengen kemah.

     Aku pamitan marang pak Hartoko, arep mlaku-mlaku ndeleng suwasana ing sore kuwi, dak deleng kiwa tengen kemah pada rapi tarik-tarik ngono kae. Ora rinasa wus tekan kema putri ngone SMPK St. Albertus Donomulyo Kabupaten Malang.
     "Pak, Ade kados mekaten lho pak", mangkono wadule Okta.
     "Ana apa tha nduk", aku ndeleng menjero kemah. Dak deleng Ade meneng katon dulinan tangane, ora  suwe nguyu dewe.
     "Aku pingin neng kene lho pak".
     Aku banjur nyalami tangane Ade. "Emoh ......, aku emoh......, aku seneng melu mbak iki.... Aku emoh mulih.
     Katone apa kang diomongake Ade kuwi dudu metu saka pikirane Ade dewe, ana kang manjing ing sanjeroning awakne Ade kuwi. Aku banjur meneng sedhela, njupuk ambegan dawa, banjur nyoba ndeleng sapa kang manjing ana ing ragane Ade kuwi.
     Saka njroniing atiku, dewekne dak takoni, "sapa kowe"? Dak deleng sirahe Ade mung gedek-gedek.
     "Kowe apa gelem dak wenehi jeneng"? Dewekne manthuk-manthuk.
     "Kowe dak wenehi jeneng Sinta, gelem tha?" dewekne manthuk.
     Aku bingung, apa kang kudu dak lakoni maneh marang kahanan kang kaya ngene iki. Aku njur meneng wae..... Meneng.... Meneng...
     Tangane Ade tetep dolanan apa wae kang cedhak ing kono.
     "Coba delengen mripatku, delengen... Delengen.... Sinta... Apa kowe gelem dak dongani supaya kowe mlebu ing surga karo Gusti kang akarya Jagad iki?"
     "Iya... Tapi aku ojok diapak-apakno lho. Lara iki..."
     "Ya... Nek ngono saiki kowe turua, merem... Merem...". Lessssss, Ade banjur turu ngono wae. Kancane kang cedhak dewekne padha nampani ragane Ade.
     Donga banjur dak wiwiti. Rada suwe. Kanthi ati kang tenang... Mantep... Madhep... Marang Gusti Kang Akarya Jagad. Banjur Rama Kawula cukup ping telu wae, kuwi ora ambegan.
     Alon-alon tangan tengenku dak arahake wiwit saka sirahe..... Mudhun.... Alon.... Alon.... Mudhun.... Terus pungkasane ing sikil ngisor. Dak gegem, banjur dak uncalake marang mega-mega kareben mumbul marang Gusti kang akarya Jagad. Mangkono dak ambali kaping telu, mesthi wae ora ambegan.
    Lega... Plong... Iku kang ana ing atiku. Ora let  suwe Ade melek. Tangi. Banjur aweh pitakon marang kancane. "Ana apa iki TA (Okta)?"
     "Ora apa-apa, ayo gek ndang mangan, iki lho gonekmu, ayo bareng-bareng maem.
     Jebule kang manjing ing ragane Ade mau kuwi ya karan Bajang (bayi kang ketragan utawa dibuwang) Anonim (durung diwenehi jeneng/asma).
     Bocah-bocah padha maem bebarengan kanthi gayeng, diwiwiti karo donga memuji syukur marang Gusti kang akarya Jagad Raya iki. Amin. Amin. Amin.
 
Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO
Kami membutuhkan dana untuk pengembangan PELAYANAN BAGI YANG MISKIN.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar