Senin, 18 Maret 2013

3. Diajak Embah Jenggot Putih


DIAJAK EMBAH JENGGOT PUTIH

Taun 1998 penere wulan Nopember, kuwi wulan kang gawe senenge atiku. Yo gene aku kok seneng, Kepriye ora seneng, yen apa kang dikarepake bisa kaleksanan kanthi apik lan cocog karo kang dikarepake. Wulan Nopember 1998 aku nampa SK Pindah saka SMAK Yos Sudarso Kotatif Batu menyang SMPK St. Yoseph Kepanjen. Kang njalari atiku seneng, amarga sekolah kang dakpangoni iki klebu tangga omah, dadi yo ora adoh. Yen pinuju bel sekolah yo mesthi keprungu saka omah, lha wong dempet banget karo panggonanku kost.
Dina kuwi dina kang wiwitan anggonku mlebu sekolahan anyar. Aku wis akeh kang kenal karo Bapak Ibu Guru kang mulang ing sekolahanku kang anyar iki. Nanging aku tetep wae dikenalne kanthi resmi kaliyan Bapak Kepala Sekolah. Ing perkenalan kuwi aku kebageyan Mulang Olahraga lan Basa Jawa, uga diwenehi tugas ing Perpustakaan. Pancen tugas tambahan liyane kudu bisa dileksanakake ing sekolah iki. Aku  mung melu wae apa kang didawuhake Bapak Kepala Sekolah apa kang kudu daktindakake. Ananging ing njerone ati aku mbathin, aku iki wong asli Malang, Basa Jawane Malang jan amburadul tenan, malah sok diwolak-walik. Apa bisa aku mulang bocah SMP ngenani basa Jawa iku, mengko yen kliru kepriye. Atiku ora jenjem, ning aku uga ora isa nolak. Jarene ngono, Guru kuwi kudu bisa kaya dalang, “Menange Mung Sewengi”.
Dina-dina candhake daklakoni kanthi premana, kanca-kancaku padha  melu nyengkuyung apa sing dakprogramake. Ora krasa wis oleh seminggu anggonku mulang ing sekolah anyar iki.
Aku diwenehi uga tanggung jawab mbimbing ekstrakurikuler Olahraga. Kang dakpilih yakuwi Nglangi. Jalaran pancen ing babagan nglangi kuwi special kang daksenengi dhewe. Bocah-bocah uga seneng yen dakwulang wancine nglangi, ana sing gocegan karo kancane, ana kang wus bisa nglangi, yen daksawang-sawang pancen nyenengake dadi guru kuwi, apamaneh yen bocahe padha seneng nampa piwulangan, mesthi bakal cepet pinter-pinter.
Wiwitane pancen yo ana sing ngombe banyu kolam, ana kang kupinge kelebon banyu. Pancene yen bocahne durung patiyo iso nglangi, mesthi ana wae sing dialami. Malah ana salah siji lan loro guru kang ora sarujuk yen bocah-bocah diwulang ekstra nglangi, jalaran bahaya, mengko gek ana bocah kang kedelep. Aku uga menehi alas an kang maton, “ Kabeh sarana Olahraga iku mbebayani, ora ana sing ora mbebayani, kabeh yen dilakoni kanthi aturan kang wis gumathok, mesthi bakal adoh saka bilahi”. Mangkono wangsulanku.
Dina-dina candhake lumaku kanthi nyenengake, lan bocah-bocah wis akeh kang padha pinter nglangi. Nanging aku yen wancine mulang nglangi, tetep wae ngawasi lan aweh pituduh amrih bocah-bocah ana kemajuan kang apik. Lan aku uga tetep maspadhakake kabeh bocah kang dak wulang. Sawatara wektu yen pinuju wis cukup kanggo menehi pituduh lan nambahi kapinteran bab nglangi, bocah-bocah dakwenehi kebebasan kanggo ngaso, utawa kang wis wasis nglangi dak ajak balapan karo kanca-kancane. Yo mesthine aku dadi jurine, sapa kang apik olah bawane bab nglangi, lan sapa kang paling cepek teka ing finish. Yen wis ngono iku tansaya lali marang wektu, weruh-weruh ana bel wesi kang dithuthuk petugas kanggo tandha 15 menit maneh regol kolam bakal ditutup.
Dina kanggone latihan ekstra nglangi pancen dina Kamis, dina kang resik kanggo banyune, amarga dina Rebone kolam wis dikuras, dadi yo resik tenan. Katon banyune bening lan seger, pancen banyune dijupuk saka sumbering langsung lan yen amber uga langsung dibuwang menyang kali. Kali kanggone pambuwangan diarani Kali Metro, kali kang amba banget udakara 20 meter lan jerining udakara 25 meteran, Ning banyune ora  jero nemen. Yo banyu Kali Metro kuwi kang mengkone kanggo pembangkit Tenaga Listrik ing Karangkates.
Dina Kemis isuk bocah-bocah wis padha ndaftar yen mengkone mulih sekolah arep melu nglangi. Dina iki pas dina Kamis Kliwon. Bocah-bocah kang melu nglangi ana yen 20 bocah, daksemayani mengko jam loro awan aku wis ana ing kolam. Bocah-bocah ana kang matur yen arepe langsung menyang kolam. Senajan bocah-bocah akeh kang wis bisa nglangi, aku wanti-wanti supaya ana ing jethekan wae, mengko yen wis aku teka,  banjur neng jeroan.
“Nggih pak,” mangkone wangsulane bocah-bocah.
Jam loro kurang limang menit aku wis teka neng kolam karo anakku Raindy, kang wektu kuwi umur patang taun, kang wis wasis banget bab nglangi kanggone sapantarane. Pancen dheweke seneng banget yan dijak menyang kolam, malah dipilih ngambek yen ora dijak nglangi. Dheweke seneng banget yen weruh banyu. Mangkane aku uga menehi piwulang khusus kang special kanggone, supaya engggal wasis ing babagan nglangi, yen mangkono atiku ora sumelang yen dewekne kedhelep. Jalaran bocah sakmono iku ora ngerti bebayane marang banyu.
Bocah-bocah dakdeleng ana kang wis nyemplung kolam padusan kuwi. Weruh aku teka, enggal-enggal mentas lan padha marani aku. Ora let sedhela aku wis menehi starching (pelemasan) lan warming up (pemanasan) ngono kuwi, yo kaya guru olahraga ngono kae hihihihi. Ora dhing. Pancene aku guru olahragane kok.
Bocah-bocah semangat banget anggone nglaksanaake piwulangku. Ana nek sepuluh menitan. Banjur dakkongkon nyemplung ing pinggire kolam, lan dakterusake piwulang sabanjure kaya biasane. Ora perlu dijelentrehne tho. Yen guru olahraga mesthi bakal weruh, apa kang sabanjurne ditindhakake.
Aku mesthi menehi pituduh saka njabane kolam, maksudku ana pinggire kolam nglangi, menehi piwulang, sinambi mbiji bocah sapa kang wasis, mesthi dakwenehi biji apik, kang kurang dakwenehi pituduh sabanjure kanggo ningkatake keprigelane ing babagan nglangi.
“Pak sampun sayah, ngaso nggih”, ana sawijining bocah kang matur mangkono.
“Sedhela maneh, yo cah”, wangsulanku.
Ora watara suwe aku mungkasi anggonku aweh piwulangan nglangi. “Wis cah, saiki kowe oleh sakarepmu, kang wis wasis, ayo banter-banteran nglangi, bocah kang durung wasis kono ing jenthekan wae, karo anakku”.
Ana nek enem bocah kang wasis wis siyap ancang-ancang arep balapan nglangi. Aku mung menehi aba-aba wae, wis padha ibut nglangi cepet-cepetan. Kang ndhisiki tekan pinggir sabrang senenge ora mekakat, kancane diece ngono, wong pancene bocah umur 14 tahunan, yen guyonan karo kancane padha ngece-ngece ngono.
Dak deleng saka kidul kok Andi mlaku cepet-cepet jalaran tekane telat. Ora telat kok, mung meh bubaran iki, lha piye ora ngono, kancane wis rampung lehe latihan lha kok dheweke mentas wae teko.
“Ndi, gek ndang ganti klambine, mengko enggal nyusul kancane,” mangkono paprentahku marang Andi.
“Ngggih pak”.
Aku nglangi mangetan lan mangulon bola-bali karo bocah-bocah kang wis wasis ing kolam kang jero. Aku mandhek ing sisih kulon. Kok banjur kelingan marang Andi kang nembe teka kuwi.
Aku takon marang bocah ing cedhekku,” Andin ing pinggir endi iki mau kok ora katon”?
“Mboten sumerep pak”.
Ujug-ujug ana bocah kang mbengok ing cedhakku. “Pak, kok wonten lare ing ngisor mriku kok kuwat banget mboten munggah-mungah  sampun kalawau!”.  Dhek, tratab atiku, atiku kaya ana kang ndudhut, kelingan Andi kang ora katon watara rongmenitan. Aku enggal-enggal munggah saka banyu kolam. Saka ndhuwur aku ambyor sak kuwate mengisor. Tanganku dakobahake sakbantere nangging meksa ora enggal tekan ngisor pener bocah kuwi. Rumangsa aku ora bisa tekan ngisor, dakgelak awakku munggah nyedhul mendhuwur.
“Pak, pak tulung ana bocah kedelep ing ngisor iki!!!”, pambengokku dak banterake. Saka sisih lor ana pawonggan kang enggal-enggal cucul kaos, langsung terjun banter banget menyang kolam tumuju pener bocah kang kedelep ing ngisorku. Saka mencungule bocah kedelep kuwi karo Santo, ngono panhyeluke marang bocah kang nulungi kuwi. Saka njaban banyu bocah mau langsung dakdeleng. Lho, lho… Sirahku langsung krasa puyeng, bingung, atiku rasane kaya ilang saka ragaku. Kepriye ora kaya lemes-lemesa, lungkrah awake, lha bocah sing nembe dientas kuwi jebule…. Jebule… Andi…. Ya Andi muridku. Jan tenan iki pancene Andi.
“Waduh piye iki, banjur apa kang kudu dak tindakake, aku banjur piye, bingung, mengko gek bocahe mati, iki mesthi dadi tanggung jawabku, kepriye mengko lehku tanggung jawab marang wong tuwane,” akeh banget pitakon ana ing njerone atiku, senajan mung sedhela.
“Tulung diangkat kene”, panyuwunku marang bocah ing pinggire. Aku menehi pitulungan nafas buatan kanthi nekan dhadhane supaya banyu ing dhadhane enggal metu. Bola-bali dhak lakoni. Aku njur kelingan piwelinge Guru Kebathinanku, “Yen kowe ngalami prastawa kang nyalawedi, iku ateges ora salumrahe. Kowe kudu ora ambegan sakkuwate, yen prelu ya dikuwat-kuwatake karo ndongaa ‘Rama kawula ing Suwarga’ diucapake bola bali karo aja ambegan”.
Apa kang dadi piwelinge Guruku, langsung daklakoni, awakku krasa panas kabeh lan kringet sak jagung-jagung padha dleweran saka raiku, dhadhaku, gegerku, ning kuwi ora dak gubris blas. Ing atiku aku kudu njupuk lan ngawa nyawane bocah iki marang ragane (kaya diajarake marang aku). Bola-bali aku uga nyebut jenenge Andi, Andi, Andi, terus bola-bali…
Posisine Andi banjur dak ubah sikile neng ndhuwur, dicekeli karo wong loro. Ora ana perubahan apa-apa. Dakpindah maneh posisine mengkurep, sirah dimiringake, banjur dak wenehi pernafasan buatan maneh lan ora ambegan aku ndoga ‘Rama kawula ing Suwarga’ makaping-kaping, uga ora lali daksebut jenenge Andi, Andi, Andi, bola-bali.
Malah ana kang cluluk, “ Digawa nang Rumah sakit wae”.
“Ora, bocah iki kudu ana ambegane dhisik, mengko keno digawa mrana,” mangkono jawabku.
Ana nek limang menitan olehku menehi pernafasan buatan, rasane aku kok wis ora bisa nulungi Andi, nangging tetep wae dhak lakoni menehi pitulungan.
“Huk, ….. Hoek….,” keprungu swarane Andi arepe muntah, nanging ora ana sing diwutahake, senajan banyu ya ora ana sing diwutahake. Praupane Andi sakala abang, mripate wis ora putih maneh, malih katon irenge. Aku banjur nyuwun wedang teh panas marang pawongan kang njaga kolam. Ora suwe banjur wedang tehne wis teka. Andi banjur dakwenehi wedang kuwi.
“Ndi, kowe sing tenang wae, ana aku, ora usah bingung, Bubar iki kowe dakterake menyang omahmu. Saiki ombenen dhisik wedang iki.” Mangkono olehku ngandani marang Andi.
Andi meneng wae, kaya wong kang lagi bingung. Aku banjur mrentah kancane supaya diajak ganti klambi, lan enggal-enggal aku ngeterake menyang omahe dak bonceng nganggo sepedha primaku.
Kurang luwih limalas menit wis tekan omahe. Ing omahe kosong, katone ora ana wonge. Andi banjur mlebu saka lawang kiwa omahe. Ora suwe bapake mbagegake aku supaya pinarak ing omah.
Aku banjur nyritakake kahanan kang mentas wae dialami dening Andi ing kolam renang  sore iki. Bapake ya ora precaya marang apa kang mentas wae dialami Andi, Lha wong Andi kuwi wis bisa nglangi, gek cita-citane arep dadi Polisi, mangkono bapake olehe crita.
“Kula kalawau dipun sanjangi pak Herry, lajeng kula cucul kaos banjur nyemplung wonten toya.” Andi miwit critane, “ Kula banjur nglangi ngetan ngilen, wonten ing kilen kula wonten ingkang nabrak sirah kula, lajeng kula mboten kelingan napa-napa”.
Aku banjur matur  bapake, “ Kadosipun Andi menika taksih wonten ingkang ndampingi, mbokbilih wonten wekdal sakmangke dipunpadosaken tiyang sepah, kersanipun mantep manahipun Andi. Menawi mangke kraos njarem wonten ing dhadha utawi wonten geger, menika saking pernafasan buatan ingkang kula tindhakaken.”
“Kula nggih matur nuwun, dumatheng pitulunganipun pak Herry, umpami mboten dipuntulungi panjenengan, kula mboten sumerep ingkang samangke kedadeyanipun. Monggo unjukanipun dipunrahapi.” Mangkono bapake Andi ngendikan.
“Sami-sami pak, kula nggih matur nuwun sanged, menika sampun dados tanggung jawab kula, mbokbilih wonten kirangipun kula nggih nyuwun pangapunten ingkang kathah.” Aku mangsuli.
“Sarehnipun sampun dalu, kula badhe nyuwun pamit, mangkono pamitanku marang bapake.
***
Sesuke Andi ora katon.
Aku menyang ruangane bapak Kepala Sekolah, banjur nyritakake kahanan kang dhek winggi dialami marang Andi, dak critakake kabeh.
“Kang baku, kowe wis bisa tanggung jawab marang apa kang kudu ditindakake supaya ora ngrugekake wong tuwa lan sekolahan”.
“Nggih pak,” Sakpunika Andi mboten mlebet, mbok bilih taksih dipun tambakaken kaliyan tiyang sepahipun.”
“Ya sing ati-ati olehmu makarya lan momong para murid kabeh.”
Rong dina Andi ora mlebu. Para guru pada nakokake kahanan Andi marang aku. Dakwangsuli  apa kang ditindhakake wong tuwane Andi, supaya oleh pitulungan medis lan magis.
Isuk kuwi aku ndeleng Andi ana ing ngarep kelase karo kanca-kancane. Aku ora sranta, banjur Andi daktakoni.
“Kula banjur kelingan pak, dhek kepengker kula dipun ajak tiyang sepah jenggotipun pethak nglengsreh lemah mekaten, kula dipun tuntut mlampah kaliyang tiyang punika, lamat-lamat kula mireng pak Herry nimbali jeneng kula, dangu-dangu tansaya banter, tansaya banter, kula banjur dipun ujulaken gandenganipun tiyang sepah punika dhateng kula. Ngggih pak, tiyangipun lajeng mlampah piyambakan, kula dipun tinggal mekaten.” Mangkono penjlentrehe Andi.
“Lha terus kepriye kahananmu ing ngomah”, pitakonku.
“ Awak kula sedaya kados lungkrah sanget, Njarem sedaya pak,” mangkono wangsulane Andi. “Kala wau dalu kula nggih dipun ajak, nanging kula mboten purun, lajeng kaleyan bapak kula dipunusapi toya pethak, kula saged bubuk kepenak.” panjlentrehe Andi.
“Yoh sing ati-ati anggonmu ngadepi urip iki, awake dhewe sadermo nglakoni, ora kuwasa marang ngaurip, bisane mung nglestarekake urip iki kanthi becik”, pituturku marang Andi. Banjur dhewekne dakkongkon mlebu menyang kelase.

-          ­CUTHEL -

Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar