Senin, 18 Maret 2013

9. Ketamon Wong Ireng Meles


KETAMON WONG IRENG MELES
 Alaming Lelembut
Dina kuwi Senin tanggal 8 Agustus 2011, dina kang kanggoku apik kangge miwiti makarya ing panggonan kang anyar. Aku kadapuk dari Inspektur Upacara. Tak dheleng bageyan Kesiswaan wis umyeg sepuluh menitan kanggo nyiapake para siswa supaya katon apik tarik-tarik kanthi rapi. Miwiti upacara disiarake kanthi sigrag banget. Rampung prosesine upacara, bageyan Kesiswaan menehi prentah marang para siswa supaya aweh salam kenal marang Kepala Sekolah kang Enggal.

Dina iki kelakon kanthi ati kang kebak pangarep-arep kanggo kemajuan sekolah iki. Ora bisa dinyono dening ing tlatah segara kidul wae isih ana semangat para pejuwang pendidikan kang nduweni semangat kaya pejuwang kemerdekaan tahun 1945. Para guru pancen rata-rata umure meh padha karo aku. Ning uga ana kang wis tuwa, senajan ngono ngormati banget marang aku.
 Ora akeh sing daktindakake, mung ngrungokake wadulan saka guru siji mbaka sijine.. Kabeh wadulan mau dak simpen ana ing catetan cilikku kang mengkone dak pindah ana buku kang daksiapake. Kuwi mau amarga pakulinanku kang wis asring daklakoni nalika ana ing sekolah sadurunge. Dadi apa kang dak rungokake saka bapa ibu guru lan karyawan mau kabeh wis ana ing catetanku kabeh.
Awan kang ora rinasa kok meh wae mungkasi angonku makarya. Ning emboh apa kang njalari aku kok ujug-ujug kepengin mlaku metu saka kantor kang nembe wae daklungguhi kuwi. Aku metu saka kantor lan tumuju gerbang kidul sekolah. Sepisan maneh, embuh daya apa kang ana ing atiku kok aku kepengin ngubengi sekolah. Kamangka dalan ing kiwa tengene sekolah kagolong rada angel, kuwi mau senajan nganggo sikil. Atiku kok kaya ana sing ndudut-ndudut ngono kae. Aku mubeng sekolah tanpa ana apa-apa kang dak pikir. Apa kang dumadi kuwi ya salumrahe ngono wae. Pas ana ing engokan aku mandeg karo noleh kiwa tengen, kaya-kaya ana sing tak goleki, nanging aku uga ora nemoni apa sing arep tak goleki. Atiku rumangsa ana kang ganjil ing kene. Ning aku ora patiyo ngreken marang omongan ing atiku.
Ora rinasa wis wancine mulih saka SMPK SALUD iki (Red. Ngono sebutanku kanggo SMP Katolik St. Albertus Donomulyo), nek sekolah sadurunge dhak jenengke SMPK SANCA (Red. SMP Katolik St. Antonius Sumberpucung Malang). Aku mulih saka SMPK SALUD jam 13.00 WIB, numpak sepedha lanang gedhe, jiiaaan penak tenan numpake senajan ana jeglonggan amba ya ora krasa, terus mlayu banter wae sepedhane, wong bane ya gedhe.
Saka ngomah wis krasa kesel banget, aku leyeh-leyeh ing kursi tamu. Eh lha kok jebule keturon tenan, ya matur nuwun Gusti, isih diparingi bisa turu kanthi penak. Coba dielingi kanca, yen ora isa turu, njur kepriye carane supaya isa sare, akeh ta carane. Malah kadhing-kadhing ora nemu cara kang ampuh. Njur mupus atine. Jarene Gusti ora mirengake lehne ndonga makaping-kaping.
Aku tangi ora watara suwe amarga ana tamu kang ngebel ing ngarep lawang omah. Yo kanthi isih ngantuk aku tangi saka turuku kuwi, jebule iki mau wis bengi ta. Amrih lampu ruang tamu diurupake, dadine aku ya apal banget. Iki mau mesthi sisihanku sing ngurupke lampu kabeh yen aku lagi turu ngono kuwi. Jan pancen sisihanku jan ngerti tenan marang ramane kang lagi sayah.
Bareng lawang tak bukak, aku kaget jan meh jomblak banget, kepriye ora njomblak. Tamu wong loro mau rupane ireng, tangane ya ireng, sikile saka ngisor katone yoooo ireng pisan. Kaget aku, ora mung kuwi, bareng dhak dheleng tamu sing sijine jebule yo padha ireng ngono kuwi, nanging dheweke luwih dhuwur tinimbang sijine. Atiku dag dig dug, dag dig dug, ora karuan, aku nyoba nguat-nguatake supaya ora ngeblag. Kanthi ati kang daktata aku wanek-wanekake aweh panyapa marang tamuku kuwi.
“Mangga pinarak.” Ngono pambageku marang wong loro mau.
Dheweke ya lungguh ana ing kursi kang cedhak karo lawang.
“Wonten kawigaten punapa kok rawuh wonten mriki”. Aku miwiti pitakon marang dheweke.
“Niki mekaten, kula punika saking tebih, saking gunung kidul mrika,  kula kala wau sampun kepanggih kaliyan panjenengan.” Wong sing rada cendhek menehi wangsulanku.
Lho... aku rada njomblak. Kamangka aku rumangsa durung nate ketemu. Dak iling-iling kok ya ora bisa gathuk karo sing diomongake tamuku iku mau. Aku ya nuli aweh pitakon marang dhewekne.
“Lha panjenengan kepanggih kula wonten pundi?” Pitakonku.
“Kala wau siang panjenengan pinarak dhatheng ngajeng griya kula, kula sawang wau panjenengan nak rokokan Djisamsu tho” mangkono wong kang luwih dhuwur kuwi mangsuli.
Eram temen wong iki, nganti aku rokokan wae ya dhewekne weruh. Kamangka aku durung nate ketemu.
“ Niki makaten”, panjlentrehne, “Kula mriki namung kepengin tepangan luwih gayeng kaliyan panjenengan, amargi kula sawang kala wau siyang panjenengan nembe kemawon pikantuk tugas wonten cedhak griya kula, Kula kaliyan rencang punika badhe tetepangan amargi kula sakanca inggih remen sanget saget tepang kaliyan panjenengan. Kula wastani panjenengan saget aweh pepadhang dumatheng wilayah sakiwa tengene tlatah wonten pangonan kula.”
Aku mikir, apa kang dikarepake wong loro iki, nanging aku meneng dhisik, dakrungokake dheweke guneman kuwi.
“Kaliyan malih,” anyambunge, “ Kula sakanca ugi badhe aweh pambiyantu kangge panjenengan ingkang sampun gawe binggahipun kanca-kanca. Sampun sungkan-sungkan, lirpamane panjenengan badhe ngersakaken sumangga kemawon dhateng kula. Cekap panjenengan kemutan dhumateng kula sakanca, punika sampun saget mangke kula sakanca aweh bantuan dumatheng panjenengan.” Mangkono dhewekne njlentrehake.
“ Kula matur nuwun sanget,” wangsulanku, ”Kula namung saged makaten kemawon, Ngapunten mboten saged nyuguhi punapa-punapa, amargi semah kula sampun sare kala wau.”
" Pangapunten, menawi kepareng panjenengan dipun wastani sinten?".
" Aku ini Ni Han lan kancaku iki Han Chu, mangkono ing pangonganku uwong-uwong pada ndangu aku mangkono, wangsulan wong loro kuwi.
"Sakestu, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang katah mbok bilih wonten ingkang prayogi".
“Mboten punapa-punapa, yen makaten, kula sakanca badhe kondur.” Wangsulane wong kang radha cilik.
Aku langsung mbagekake dhewekne saka lawang regol.
Isuk kuwi aku tanggi kaya biasane. Aku banjur nyritakake apa kang dakalami kuwi. Bojoku mung aweh piweling supaya aku ngati-ati ana pangonan kang anyar. Diadohna saka bilahi lan tansah diparingi kesehatan kang apik. Sisihanku uga weling ora perlu dicritakake marang wong liyan, mengko mundhak dadi rame lan tinemu pangraita kang macem-macem marang papan tugasku kang anyar.
 CUTHEL.

Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar