Alaming Lelembut
KERASUKAN PRABAWATI
Pak Joko
esuk kuwi ngandani aku menawa ana tamu. Tamu kuwi Bapake Dewi murid kelas 9 ing
SMPK SALUD. Dewi pancen wis suwe ora mlebu sekolah, mbuh apa kang njalari
dewekne ora mlebu sekolah. Kuwi isih dadi pitakonanku, senajan wali kelase Pak
Edi uga wis bola-bali menyang omahe Dewi, meksa dewekne durung gelem mlebu.
Dina iki bapake ngrawuhi undangan saka sekolah. Pak Joko kang
wiwitane ketemu banjur mbagekake Pak Mulyono, mangkono pambagene marang bapake
Dewi. Aku banjur tumuju menyang kantorku, ing kono bapake Dewi kang karan Pak
Mulyono wis lungguh ana kursi tamu.
"Tepangaken kula Pak Herry,"
" Semanten ugi tepangaken kula Bapakipun Dewi, Kula
dipunwastani Pak Mul."
"Kadospundi kahananipun Dewi?"
"Inggih punika pak, kula punika badhe matur blaka suta
kemawon dumateng panjenengan. Kula punika dinten niki kok angsal pacoban
ingkang ageng. Kadospundi mboten mekaten, anak kula karan Dewi mboten purun
mlebet dhateng sekolah. Kula takeni nggih namung mendel kemawon, sanjangipun
ajrih medal ngriya." mangkono pak Mul miwiti critane.
"Larah-larahipun kados pundi kok ngantos wonten kedadeyan
punika dumateng putra panjenengan"
"Makaten Pak Herry, Kala semanten mbok bilih wonten setunggal
wulan kepengker, Nak Dewi punika pinanggih tiyang ingkang kadosipun mboten
jangkep, sarehne rasukane teles, nak Dewi mesakaken, lajeng dipun pendetaken
rasukanipun ibune dipun caosaken dhateng tiyang punika lan purun dipundamel
kaliyan piyambakipun". "Bu, panjenengan punapa sampun dahar?"
"Sampun tigang dinten punika kula dereng maem."
"Mangga, mlebet kemawon wonten ngriya mriki," mangkono Dewi aweh
pambage dening tiyang punika.
"Panjenengan punika dipuntimbali sinten?"
"Aku asring dijuluki wong-wong karan Praba. Bojoku ana ing Kabupaten ing
Malang kono, nanging wus suwe dewekne nglalekake aku, banjur aku ya kaya ngene
iki, sak geleme sikil iki jumangkah."
"Sakpunika panjenengan katuran dahar wonten mriki," Dewi njupukake
maem kang sing wis ana ing lemari makan kuwi. Bu Praba katone njupuk panganan
kaya lumrahe wong liya ngono kawe, ora akeh, yaaaa ora sethitik. Dewi banjur
menyang ruang ngarepan nemoni bapake lan biyunge. Bapake seneng wae yen Dewi
bisa aweh pitulungan marang sapadha-padha manungsa kang mbutuhake pitulungan.
"Wi, delengen wong kuwi, dewekne ora gelem lunguh ana ing kursi, nanging
mung trimo lungguh ing njogan karo maem ngono kae. Kuwi ateges dewekne isih
sungkan lan ewuh marang wong kang aweh pitulungan.
Wektu ora rinasa wis ngancik pitung dina Bu Praba manggon ana ing daleme Pak
Mulyono. Esuk kuwi bu Praba arep mulih menyang Malang, sarehne pak Mulyono ora
nduwe duwit kang akeh, piyambake maringi bu Praba ya mung sacukupe kanggo
mbayar kendaraan nganti saka Malang wae. Bu Praba matur nuwun banget, apa kang
wus diparingake marang dewekne.
Ora Rinasa wus oleh rong wulan bu Praba kuwi pamit mulih menyang
Malang. Esuk kuwi Pak Mulyono kaget marang kahanane Dewi kang ora salumrahe.
Dewekne meneng wae, kaya wong nglamun, ning ora nglamun, matane katon kosong,
yen diajak omong mung sakecap wae kang metu saka tutuke. Pak Mul lan bu Mul
bingung ngedhap-edhapi.
"Wi, kowe apa ora menyang sekolah".
" aku wedi".
"Lho apa kang mbok wedeni". Dewekne ora wangsulan, mung gedek wae.
Malah sok-sok arep metu saka omah, Dewi isih kudu noleh ngiwa nengen,
ndeleng..... kaya-kaya ana kang digoleki.... luwih cetha ana kang diwedeni.
"Apa kang diwedeni Dewi ? Mbok bilih panjenengan saged aweh pepadang
marang kula kaliyan putri kula punika", mangkono Pak Mulyono aweh
pitakonan marang pak Herry.
Aku meneng sedela, banjur aweh pitakonan, "kadosipun panjenengan mriki
punika kaliyan rencangipun, mbok dipun ajak mlebet mriki?"
Rencangipun Pak Mulyono diparingi asma Pak Supri. Dewekne uga bisa ngrasake
hawane jalma kang ora kanyatan mangkono, cekake bisa kasebut Paranormal.
Pak Supri aweh pambage marang aku ," Kula mlebet mriki kadosipun pikantun
pepadang ingkang mboten saged digraito. Kaliyan manah kula kados blong, enteng
... mekaten".
Pak Mul uga aweh katrangan," Sakpunika Dewi kadosipun bingung marang
kaslametane ibunipun, mbakyunipun, ajrih kaliyan ibune mangke diukum,"
makaten omongane Dewi punika.
"Wau dalu kula semedi madosi, punapa ingkang sakleresipun marang kahanan
Dewi punika kok mekaten, Kula wastani tiyang sepahipun Dewi ngagem pakaian
pethak-pethak, semanten ugi mbakyunipun, kepara kula inggih manggihi tiyang estri
ngagem rasukan pethak sedaya kaliyan ngagem jilbab, eh leresipun kados mirip
jilbab... Lha punika kados niki (Par Pri nuding gambar ibu Maria kang tumempel
ana ing ruanganku), lajeng ibu punipa nyalami sedaya keluargaipun pak
Mul," mekaten paninggal kula wau dalu.
"Menika mekaten bapak-bapak, kula kadosipun wastani Dewi punika kadosipun
wonten ingkang nderek dhateng Dewi punika, mangga mangke dalu kita wiwiti
sesarengan saiyeg bebarengan ngangkat rubeda ingkang dipun alami marang keluarganipun
pak Mulyono punika.
"Menawi makaten, kula sakanca badhe kondur rumiyin, matur nuwun sanget,
panjenengan sampun aweh pepadang marang rubeda ingkang kedah kula lampahi
sakulawarga." Pak Mulyono aweh panuwun.
Candhake
ing " Wayang Siluman"
Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan
memberi BONUS pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk
Dirakit
dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten
Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp.
0821 3285 7709
No.
Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia
No.
6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO
Kejadian aneh luar biasa
BalasHapusSenang bisa membaca kelanjutan ceritanya
BalasHapus