Minggu, 17 Maret 2013

2. Diajak Serdadu Stasiun


DIAJAK SERDADU STASIUN
Alaming Lelembut

Bocah-bocah padha maem bebarengan kanthi gayeng, diwiwiti karo donga memuji syukur marang Gusti kang akarya Jagad Raya iki. Dina iki SMP Katolik St. Albertus Donomulyo Kabupaten Malang Provinsi Jawa Timur Republik Indonesia, kang ana ing naungane Yayasan Karmel Keuskupan Malang nganakake “Pembinaan Iman Pelajar” ing Wisma Alvares Bumiaji Kota Batu, Provinsi Jawa Timur. Dina Minggu, tanggal 10 Februari 2013 para guru, karyawan lan siswa kang ditugasi nata ubarampening kangge kegiatan OUTBOND sesuk Senin, 11 Februari 2013 wis ana ing wisma Alvares, mangkate nganggo mobil panther lan mobil Carry.
Bubar mangan awan, bocah-bocah diajak kumpul ana ing aula utama, diwenehi panjelasan tata tertib kang kudu dilakoni ing papan kene iki. Pak Prawito kang kadhapuk dadi adicara njlentrehake apa wae kang kudu dilakoni lan apa wae kang ora oleh dilakoni. Kanthi jlentreh wis dimangerteni bocah-bocah.
Sorene bocah-bocah diwenehi wektu kanggo reresik awak, adus lan reresik liyane sawise perjalanan udakara 80 kilometer saka Kecamatan Donomulyo Kabupaten Malang. Bocah-bocah katon seneng-seneng wae ing papan kene iki.
Session sabanjure kang menehi ya pas Pak Domitianus Prawito, S.Pd. ngenani materi “Peranku sebagai pelajar”, wah.... jian... gayeng banget bocah-bocah, kaya.... kaya ora bosen ndeleng lan nyauti pitakon saka pak Wito kuwi. Malah ana kang nganti suit-suit uga.... rame banget.... seru.....
Bubar mangan sore ing ngarepe padepokan wanita, bocah-bocah digiring maneh menyang aula utama, kanggo nerusake session sabanjure kang mawa diskusi dening siswa perkelompok. Saben kelompok ngawe pitakonan..... sing njawab kelompok liyane.... wahhhhhh.... mesti tambah gayeng iki mengko......
Temenan, ana-ana wae kang ditakokake kelompok-kelompok kuwi, ana kang takon bab kenakalan remaja, ana kang takon bab ngatasi sampah ing sekolahan nganti pitakonan kepriye carane bocah-bocah bisa nambah kancane ing sekolahan (cari murid baru browwww. Red).
Wektu diskusi mana akeh siswa padha penasaran kepriye mengko bengi yen ana Jurit malam, kamangka dalan-dalan ing Wisma Alvares kene iki durung dimangerteni, hawa wengi iki uga atis banget, mendung kayane, jalaran lintang-lintang ora ana kang katon.
Tenan, wengi iki uga jam 23.00 WIB para siswa disiapake ing aula utama, diwenehi panjelasan dening Bapak Drs. Anang Hari Suryadi bab apa wae kang ora oleh dilakoni para siswa sasuwene Jurit Malam. Para pendamping pembina wus digladhi dening Pak Joko Hendri Cahyono, S.Pd. ing gubug ngarepane padepokan wanita.
Susunan pembina lan para pendamping pembina wus tumata ing ngendhi wae kang kudu diwenehi pituduh supaya para siswa ora keblasuk kliru dalan kang diliwati.
Jam 24.00 WIB acara Jurit malam diwiwiti kanthi suara asu mbaung kang keprungu saka kadohan. Kelompok siji wis kathon lumaku kanthi padha mbungkukake awak, ndeleng mengisor lemah, ora ndeleng kiwa tengen dalan, wedhi..... ndremimil..... apa wae kang diwaca... mbuh aku ora patiya jelas.
Siji mbaka siji ..... kelompoke padha ngliwati dalan kang diduduhake dening panitiya. Pak Herry Kiswanto, S.Pd. nyusul Pak Priyono, S.Ag. amarga kelompok bocah-bocah wis rampung liwat, ana 10 kelompok, saben kelompok isine 14-15 bocah. Pak Priyono banjur mampir ing daleme Romo Yasdi, O’Carm (Kajuluk Romo Blonder). Pak Herry Kiswanto nerusake laku nembus dalan suwalike udakara 500 meteran.
Ora suwe pak Herry Kiswanto ketemu kelompok... ora ngedheni..... ning bocah-bocah padha mandeg jegreg....
“Lho, sapa kuwi,” mangkono salah siji bocah njluluk.
Pak Herry Kiswanto meneng wae. Kelompoke bocah kuwi liwat.
“Lho kok ketemu pak Herry  maneh, mau ing kono ya pak Herry, lha iki mau sapa.... mengko gek dudu pak Herry..... wis mbuh ah..... mbahhhhh putune nderek langkung mbaaaaahhhhh.... ngapunten, mangkono omongane bocah kuwi kanthi ndredeg ngono.
Jam 01.00 WIB katone bocah-bocah wus padha ngumpul kabeh ana ing ngarepe sekretariat.... akeh-akeh kang diomongake. Ana kang ndredeg.... wedhi.... nangis.... lemes..... malah ana kang.... ngompol...  hihihihihi.
Pak Joko ngecek para pendamping pembina.
“Yongki kok durung katon,.... Den... Dendy, Yongki mau karo kowe tho !!!! Saiki kok durung ana. Ayo saiki padha digoleki”, mangkono pangajake pak Joko marang sapa wae kang gelem goleki.
Pak Joko karo bocah telu njupuk jalur manengen, dene pak Herry njupuk dalan suwaliki, yakuwi dalan mengiwa, mengko ketemu gabrus terus piye kabare.
Pak Herry karo bocah telu uga miwiti lumaku alon-alon sarana nyeluki jenenge Yongki. Nangging sing diceluki ora ana kang semaur. Lumaku diterusake.... amarga peteng, yaaa alon-alon. Ora rinasa wus saka regol wesi uga ditutupi seng. Ing Kono lawange dikunci. Bocah-bocah uga nyoba kuncine lawang wesi iku.... Ning ora kena.... Ora isa mbukak.
“Kepriye iki cah,” pitakone pak Herry marang bocah-bocah.
“Yen mekaten, ngggih wangsul kemawon pak, mangke dipunpadosi maleh, nenggo kanca-kanca lintunipun”.
Pak Herry karo bocah-bocah bali ora nggawa asil apa-apa.
Saka Padepokan bocah-bocah liyane padha aweh pitakonan werna-werna, semana ugo guru-guru lan karyawan liyane. Werna-werna panemune, ana kang nyebut digawa wewe, di dhelikake kang mbaurekso Giri Purno, ana kang panemu jalaran ora kulanuwun dhisik. Wis....wis... pokoke akeh banget panemu kang kumecap ing wengi iki.
Watara sak jam ngenteni, kok Pak Joko karo bocah-bocah liyane durung teko.
Ora sranta, pak Herry nyengklak sepedhane arep ngiteri jalur Jurit Malam mau. Lhadalah... jebule pak Joko karo bocah-bocah wis padha nggotong Yongki kanthi rame-rame diseleh ana ing terasan padepokan kono. Pak Herry banjur jagrak sepedhane ing sebelahne wit Cerry.
“Ayo sepatune dicopot ben ora kademen”.
“Enggal digolekne minyak kayu putih, ben angget ing sikile kuwi”.
Kabeh padha ibut mrana-mrene nyukupi apa kang dibutuhake. Pak Joko aweh prentah marang bocah supaya dijupukne banyu putih.
Mbuh apa kang diucapake ing ndhuwure banyu putih ing gelas iku mau, banjur diombekake marang Yongki.





 
Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO
Kami membutuhkan dana untuk pengembangan PELAYANAN BAGI YANG MISKIN.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar