Senin, 18 Maret 2013

4. Gendruwo Kamanungsan


GENDRUWO KAMANUNGSAN
Alaming lelembut
        Kala kuwi aku isih sekolah ana ing pawiyatan SMPN 4 Malang ing Kepanjen, Kabupaten Malang., Provinsi Jawa Timur, Indonesia. Wektu kuwi aku nduweni kanca aran Solichan. Dhewekne kuwi keturunan Tionghoa. Senajan ngono dheweke apik marang kanca-kancane. Apa maneh marang aku sing pancen kancane sekolah, ya nunggal desa karo aku. Mulane ya pancen apik banget, sasat ora ana benthike marang aku.
      Solichan kepara sering banget dolan menyang omahku. Semono uga aku ya sering dolan menyang omahe. Saben-saben dolan mesti sing diomongake pelajaran sekolah kang dialami beberangan  senajan aku karo dewekne bedha kelas. Aku ana ing kelas F deweke ana kelas B. Jarene kelas B iku kelas unggulan jaman semana.
     Dina kuwi pas dina Senin Kliwon, Solichan teka menyang omahku wis sore banget.
     "Lus, ayo golek tebu," mangkono pangajake Solichan.
     "Mengko wae, isih akeh tugas kang kudu rampung iki," aku mangsuli.
     "Lho duwekmu durung mari tah".
     "Durung, rewangana no, bar iki golek tebu," aku njaluk tulung dheweke.
     Solichan uga ngrewangi aku ngarap tugas kang kudu dirampungke. Pancen akeh tugas kang kudu dikerjakne. Ngono uga Solichan ya seneng wae ngrewangi ngarap tugasku iku.
      Bareng tugasku wis rampung, aku ngringkesi buku-bukuku daklebokake menyang tas, banjur dakseleh ana njero lemari.
     "Chan, ayo saiki golek tebu," mangkono pangajakku
     "Ayo Lus, endi ladhinge, mengko ngawe opo ngoncekine", Solichan aweh pitakon.
     Aku banjur njupuk arit ana ing palungan sapi perah ing mburi omah. Solichan ya melu wae ana ing mburiku. Aku banjur ngajak dhewekne menyang sawah kang ora adoh saka omahku, yaiku ana ing mburine omahku udakara 300 meteran saka omah.
     Aku karo Solichan mlaku sinambi ngomong ngalor ngidul babagan sekolah. Sabanjure tekan sawah ing sebelahe sawahe wongtuwaku ana kebon tebune tangga. Aku ngajak Solichan njupuk tebu kang ana ing pinggiran wae. Mesti wae aku milihake tebu sing paling gedhe lan tuwa, amrih akeh banyune lan legi. Tebune dakjupuk rong lonjor wae, mengko yen enthek buru njupuk maneh, mangkono pamikirku.
     Yo gene tebu loro wae dipangan wong loro ora entek, krasa wis tuwuk olehe mangan tebu kuwi, Solichan ngacak aku mulih. Aku ya nyarujuki wae, amarga wektune ya wis wengi udakara jam 12.00 wengi.
     Aku mlaku ana ing ngarepe Solichan, jalaran dewekne ora ngerti dalan kang kudu diliwati. Aku mlaku karo dewekne sinambi crita ngalor ngidul lan ngetan ngulon ora karuwan jluntrunge. Aku ora lali ya ngawa senter, amarga dalane akeh blegongan kang kudu dicoloki amrih ora keblegong.
     "Chan, dalan ing ngarep iki wis penak, saiki kowe ana ing ngarep wae supaya kepenak mengko mlakune" aku prentah marang Solichan.
     "Ya Lus aku tak ana ing ngarep wae."
     Solichan lumaku ana ing ngarepku, ora lali ya daksenteri senajan dalane wis kepenak.
     Ing ngarepan kuwi ana wit-wit pager kang ngrumbul ing pinggir kang kudu dakliwati karo Solichan. Ujug-ujug Solichan mendeg , "Sapa kuwi Lus, kok ngadeg ana ngarepan iki, gedhe uga lho?"
     Daksawang wewayangan ing ngarepe Solichan pancen gedhe dhuwure udakara rong meteran, Ireng peteng ngono, pancene wektu kuwi isih anggel listrik.Senter sing dakurupake, nanging kok ora muru, dak puter-puter setelan kang ana ngarepan, ya tetep wae ora murup. Kok aneh, pikirku, nanging githok iki wulune padha ngadheg kabeh. Aku banjur kelingan yen githoke padha ngadeg wulune iku mertandhani yen ana gendruwo ing kono.
     "Sinten niku?" pitakonku marang wewayangan ing ngarepku. Solichan mung meneng wae, kaya-kaya aku iki ora ana kancane.
     "Sinten niku?", sepisan maneh aku aweh pitakonan. Wewayangan kuwi tetep meneng wae, ora aweh wangsulan, ya ora obah saka dhewekne ngadeg ing ngarepku.
     Atiku tansaya goreh maneh, wah tenan iki, aku iki diwedheni gendruwo, githokku tansaya kenceng wulune ngadheg. Aku ora oleh kalah karo wewayangan kang durung mesthi dununge iki. Yen aku mbalik memburi, ateges aku kudu ngliwati punden ing ngisor wit ringgin kuwi. Ateges godane luwih kenceng maneh, luwih ngegirisi maneh. Aku wis nduweni krenteg ora arepe mbalek maneh utama mundur senajan sak jangkah wae, ora, ora bakalan. Yen aku mundur ateges aku kalah karo wewayangan ing ngarepku. Atiku tansaya muntap maneh, amarga kaping pindho pitakonku ora diwangsuli, ngajak apa wewayangan iki, arep dakladeni tenan. Sepisan maneh aku aweh pitakonan, yen ora diwangsuli, arep dak ajak gelut.
     Aku tetep meneng wae ana sakngarepe wewayangan ireng kang gedhe dhuwur iku. Tanganku tetep wae ngobah-obahake senter supaya bisa murup. Atiku daktata supaya aku ora mlayu.
     "Sinten niku, napa niku tiyang?" pitakonku dak mabterake.
     "Iya le, iki aku", wangsulane kaya tanggaku sebelah aran Buk Yah. Bebarenganwangsulan mangkono, senterku kang dak arahake pener raine murup byar..... Pener rai. Lan katon rupa kang putih memplak, kaya ora ana getihe babar pisan.... mripat kang manther ora obah.... gulu kaya-kaya wis kaku ora kena diobahake... sinambi mangkono dheweke sendhakep kanthi kaku, dheweke munyerake awak, mbalik mlaku searah karo aku.
     Atiku tansaya manthep maneh, yen aku tatag, aku bakal diwedheni karo lelembut iki. Dak sawang dewekne mlaku ing ngarepku. Sandal jepit kang digawe tansah muni ketaplekan ke na lemah. Bener apa ora aku keprungune ya mangkono iku. Kancaku Solichan ora wangsulan babar pisan, kaya-kaya aku ora kelingan yen nduweni kanca ing mburiku.
     " Lanopo njenengan kok dalu-dalu kluyuran wonten mriki?" pitakonku marang Buk Yah kuwi.
     "Yo iku le, Pakdhemu (mbasakake bojone marang aku) iku nak wis rong wulan iki ora muleh, biasane ya saba kene nek bengi ngene iki." wangsulane buk Yah.
     " Lha kok dangu mboten wangsul, nopoa?", karo pitakon mangkono, aku nyepetake laku supaya aku bisa nyusul dhewekne, mangkono karepku, nangging tansaya dakcepetake, dhewekne ya mlaku kanthi cepet. Malah tansaya katon adoh saka aku. Aku banjur alon-alon, dhewekne ya alon-alon wae.
     " Aku ya ora weruh pakdemu iku menyang endhi, jarena tangga-tangga nek bengi ngene iki neng sawah kene." mangkono wangsule buk Yah.
     Aku mbathin, aku mlaku cepet, dhewekne ya cepet, yen aku alon, dhewekne ya alon. Bener iki. Aku maune arep diwedheni karo gendruwo iki. Jalaran aku ora wedhi, dewekne maleh dadi kaya wong tanggaku kuwi.
     Ora krasa, wis meh tekan enggokan arah pener omahe wongtuwaku. Katone buk Yah mlaku tansaya cepet wae, aku saka enggokan aku ngoleki buk Yah, lho kok ora ana, nangging kuwi ora dak anggep nemen. Bareng tekan wit kang peteng, penere saka wit rambutan ngarep omahe buk Yah, aku ngawasake wewayangan ing petengan kuwi katone kaya kang dak weruhi mau lumaku ing ngarepanku.
     "Mangga buk Yah." mangkono pambageku marang dhewekne.
     "Iya le, ati-ati ya," dewekne menehi wangsulan.
     Aku lan Solichan, mlaku terus wae arah omahe wongtuwaku kira-kira rongpuluhan meter saka lungguhane buk Yah mau. Saka omah aku dibukakake ibuku.
     " Buk, aku mau ketemu karo buk Yah ana ing sawah."
     "Lha napo, apa kurang pengaweyan, bengi tengah wengi ngene kok nang sawah".
     "Iya, aku mau ya omongan, jarene ngoleki bojone, wis suwe ora mulih".
     "Iya pancene, bojone wis suwe ora mulih, minggat jarene ngono, ora karuan parane menyang endi".
     "Tenan buk, aku omongan karo buk Yah, yo Chan," Solichan manthuk wae.
     "Nek ora percaya saiki wonge lungguh ana ing ngisore wit rambutan iko", aku njlentrehake.
     "Saiki ya delengen neng kono, rak ora ana".
     Aku ora percaya, banjur aku ngajak adhiku ndeleng ing papan palungguhane buk Yah. Lho, kok ora ana, aku ya mbalek maneh menyang sawah kanggo mbuktekake yen buk Yah mbok menawa ana ing sawah kana. nanging tetep ora ana.
     Isuke aku oleh pawarta saka ibuku yen iki mau ketemu buk Yah ing pasar krempyeng, dhewekne ditakoni ibuku, apa bener dewekne mau bengi menyang sawah. Buk Yah mansuli, la lapo aku nyang sawah bengi-bengi, apa sing takgoleki.
      Aku tansaya yakin sakyakine yen mau bengi aku wis ngadepi gendruwo kang wis memba-memba dadi manungsa kang dak kenali. Lan aku tansaya yakin menawa ing alam kasunyatan iki ana makhluk liya kang ora kasat mripat.

CHUTHEL.

Karena anda telah membaca artikel saya, maka saya akan memberi BONUS  pada anda, buka saja di http://KomisiVirtual.com/?id=paulusherryk

Dirakit dening PAULUS HERRY KISWANTO
Jl. Punten Dalam Gg. I No. 9 Kepanjen Kabupaten Malang Propinsi Jawa Timur Indonesia
No. Hp. 0821 3285 7709
No. Rekeneing BRI II Kanca Kepanjen Malang Jawa Timur Indonesia     
No.  6392-01-002004-53-6 a.n. PAULUS HERRY KISWANTO

Tidak ada komentar:

Posting Komentar